Mohon tunggu...
Jugarit
Jugarit Mohon Tunggu... Buruh - Customer Care ISP II Kabupaten Manchester

Olahraga, sastra, teknologi.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Trauma Aja Diturunake

25 Januari 2023   16:15 Diperbarui: 25 Januari 2023   16:15 508
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Sakwise aku mulih sekolah kaya biasane, dolanan bal-balan neng lapangan cedak kampungku. Masiya kampungku dina-dina iki rame, ora kaya biasane. Biasane rame karo wong-wong sing seka njaba kutho golek iwak dinggo kulakan, ramene ya mek isuk sampe awan, ning pasar utawa sing kerep diarani TPI. TPI kene kondhang sak provinsi, kamangka TPI kene sing nduwe asiling segara seka kerang, teripang uga iwak jenis apa wae ana. Ananging sing mesthi kondang yaiku kakap uga kerapu. 

Nanging dina-dina iki rame karo wong-wong sing nganggo sragam, tentara, polisi kadang satpol PP, uga wartawan. Uga ana mbak-mbak, mas-mas sing nganggo sragam jas sing penggaweyane gawani karton gedhi ana tulisane. Jarene Bapak, telung dina engkas ana sing diarani relokasi utawa penggusuran. 

Aku seneng, kanca-kancaku seneng merga yen ana wong gawa kamera karo nyorot mbak-mbak sing nyekel mik, bal-balan e leren sautara. Leren amerga isa delok mbak-mbak sing omong karo madep kamera, jarene isa mlebu tipi. Terus, sing tak krungu seka omongane Pak RT yen bakale kabeh sing ana neng kampungku bakal dipindah menyang panggonan omah dhuwur sing diarani rusun. 

Kapan kae, aku isih nganggep rusun iku jeneng desa sing paling ana ning sanding kampungku. Tapi, sak bare Riwan,kancaku bal-balan tekon menyang Pak Sujito, guruku SD. Jebule, rusun iku arane bangunan sing modele tingkat lima sampe pitung lantai. Walah, malah tansaya seneng amerga sak umur-umur aku urung tau urip neng lantai sing dhuwur. Mikirku, isa wae delok kutha, isa ndelok alun-alun, opo meneh yen ana sing nyumet kembang api mesthi ketara kabeh. 

Nah, yaiku mikirku sekitar rolas tahun kepungkur, nalika omahku, omahe tanggaku, omahe likku sing kabeh penggaweyane dadi nelayan, digusur amerga ana proyek pemerintah. Nanging, saiki keadaan e wis beda aku wis dadi mahasiwa, sing tau ngrasakne penggusuran. Aku isih kelingan, nalika aku krungu arep anane penggusuran neng kutha liya. Aku, ngajak kancaku dingge melu protes, Riwan. Pancene de'e dudu mahasiwa kaya aku, tapi pada taune ngrasane penggusuran kaya aku. Riwan ya setuju, amerga sabendina warung kopine sing neng kantin rusun isih nunggak bayare, disegel.

Aku karo Riwan budhal, nganggo dhuit dhewe, sak isa-isane urun tenaga, urun pikiran kanggo korban. Teka neng lokasine, rasane meh padha, ambu-ambu iwak amis, wong-wong sing metu omah karo nyandhak kasur, lemari, tv. wong-wong lanang sing ngumpul neng posko, karo gawa, spanduk, rontek. Nglokro, kaya wong ngampet nesu ning pawakane ketara pasrah. Eluh tangise wis entek. Ora mung warga kana, uga ana mahasiswa sing seka kampus liya, ketara seka almamatere. Riwan sing kulina kebal kena panas tanpa mikir, mudhun motor langsung mlaku menyang posko, sajake semangat, ketara anggene nyincingne lengen kaose. Ketarane, wong-wong iku mesthi arep ngadhang aparat.

Seka kabare, iki wis surat peringatan terakhir. wong-wong ketara wis putus asa. Nanging, ketimbang melu ngadhang aparat, aku milih marani bocah-bocah lanang bal-balan neng cedhake panggonan parkir relawan. Neng lapangan kana uga ana sekitar sepuluh prau sing diwalik, ana sing wis ditulisi "dijual". Didelok seka tingkah polahe ketara banget, sebagian mesthi ana sing mikir kaya aku. Kaya bakal ora ana apa-apa ora ana masalah.

"Hee dhik, jenengmu sapa?" takonku

"Yudi, ,mas" Saurane bocah sing lemu, merga sajake ora melu bal-balan malah asik anggene lungguh neng ngisore wit, ndelok kancane bal-balan.

"Omahmu ya melu digusur, Yud?" takonku marang Yudi.

"Aku ra nduwe omah, Mas" jawabe Yudi karo ngemut permen.

"Bocah bocah" batinku karo ngempet guyu

"Maksude, omahe bapak ibukmu?"

"la piye to, Mas, dikandani aku ra nduwe omah kok"

Aku malah bingung dhewe ngrasakne saurane bocah iki. 

"Berarti ora melu digusur to, Yud?"

"Ya, digusur, Mas."

"Lha sing digusur omahe sapa to, Yud?"

"Omahe, mbahku, Mas" 

"Gah aku dadi kiper !!!" bengok e Yudi, ketara seka adoh bocah sing dadi kiper ngawe-ngawe jawane kon ganteni dadi kiper. Aku ngewenehke jajan, sengaja tak tuku menawa isa luwih ngakrabke. 

Sing neng kana sapa wae to, Yud?"

"Budheku, aku karo bapak, ibukku, uga mbahku lanang, lha kae pak likku ya kadhang mulih kadhang turu neng praune pak bose" saurane karo drijine nyuding wong sakumuranku mlaku karo gawa genter pring diseret, mlaku tumuju posko mau. 

"Lha menawa dipindah neng rusun seneng ora, Yud?

"Kae bocah-bocah sing seneng" drijine nyuding bocah-bocah sing sak tim anggene bal-balan.

"Sing ra seneng?" ya kae bocah-bocahe, nyuding meneh sak tim sing bal-balan.

"Dadi saben dina bal-balan iku balane sing seneng digusur karo sing digusur, sing ora seneng ya karo sing ora, makane maeng sing oleh ngajak aku ya bala sing ora seneng"

"Nyapo kok kowe ora seneng, Yud?"

"Biyen, pas Pak RT mara neng omahku, kandha nek dipindhah rusun iku omahku bakale apik, Mas. Tapi jereke Pak RT ukurane mek limang meter ping limang meter"

"Lha limang meter kuwi jarene guruku sak depa. Jajal tak itung mek oleh separone omahku, padhahal nek omah kuwi aku wis ngerasa sempit, Mas."

"Owalah, lha kowe kan sak kanca-kancamu iseh isa dolanan bareng?"

"Dolanan, iku sak panggon-panggon, Mas. Tapi ora isa dolanan wedhi pantai, raiso ciblon neng segara, raisa mancing neng kali kana kae, raisa melu bapak neng segara."

"Kok kowe ngerti?"

"Iya, Mas. Soale biyen saben bapak setor dhuwit mae bose. Lewat bangunan sing tingkat lima, Aku takon bapak kuwi omahe sopo? Bapak nyauri yen kuwi sok bakale dadi omahe wong sak kampunge dhewe. Adoh seka kene, ora ana segara. Anane tokone cina, Mas."

"Tapi, kan ana toko-toko, cedhak alun-alun"

"Aku wis kapok, Mas. Kelas telu kae, aku tau njaluk dolanan, karo bapak dijak neng tokone cino, dhuwite bapak kurang, aku mesakne bapakku isin, bapak pegel. Sesuke, aku dijak neng segara, ombake pas gedhe-gedhene. Aku nangis. Tapi, saiki wis mulai wani dijak neng segara yen ombake cilik" saurane karo nyuding prau sing diwalik, rupane biru, ana tulisan abang sing unine "YUDIARTA"

"Kae praumu,Yud?"

"Kae praune bose bapakku,Mas"

"Anggone bapakmu menyang segara pirang dina pisan?" pitakonku karo mindhah lungguhan, ngepaske neng ngisore ayang-ayang wit waru.

"Seminggu neng omah mung dina jumat sabtu Mas. Jarene iwak saiki wis angel golekane, ora kaya jaman wingi-wingi"

"wingi-wingi?" 

"Iya, Mas"

Kanca-kancane Yudi padha sayah anggone bal-balan, padha nglumpuk jaluki jajan padha karo sing tak wenehke Yudi. Tak bagehi siji-siji, karo tak welingi anggone guwak bungkuse dilebokne tempat sampah. Padha manut, karo isih udur salah-salahan babagan bal-balan mau. Salah sijine bocah nakoki aku.

"Mas e iki seka ngendi, omahe ngendi?" takon e bocah sing ngawiti nembung jaluk jajan mau.

"Walah omahku kana kae, Kaliaji. Adoh seka kene" sauranku.

"Alah cidek Mas, aku tau sepedahan tekan kana karo masku" saurane bocah liyane.

"Karo kae Mas, sing kantor dhuwur banget kae" Paijo takon meneh. 

"Kae udu kantor, kae ki omahku" Saurane Riwan mlaku seka kampunge bocah-bocah mau.

"Kae rusun" tambahku. 

"Rumah susun, omah sing bakale kok panggoni suk" tambahe Riwan.

Bocah-bocah iki polos. Persis kaya aku nalika ana gusuran ing desaku. Bocah iki sepantese dolanan, adus neng pantai sakwise bal-balan. Urung wayahe weruh bapak ibune, mbah, lik e karo tangga-tanggane surung-surungan karo polisi lan TNI. Aja kaya aku, sing isih trauma nalika weruh bathuke likku dipenthung oknum TNI. 

Dinane saya surup. Srengengene wis ndlisup, ketara seka adoh prau gedhe sing nggeret tongkang batubara. Aku karo Riwan isih neng pinggir segara. Mangkat isih kendel, bareng wis tekan weruh gedhene penthunge petugas sing dijejer rapi sesandhingan karo pelindung dirine aku kelingan jaman biyen. Riwan uga, nyumet udute karo ngombe kopi sing digawa seka posko darurat. 

"Nyoh, diombe wong loro wae! Didum!" Riwan karo nawani aku.

"Njaluk udute sik wae" sauranku karo njupuk rokok sing bungkuse teles kringet merga disaki neng sak hem e sing ngarep.

"Walah niat ngekeki udut ora kok malah teles kebes" protesku, karo goleki udut sing isih garing.

"Njaluk wae protes!" saurane Riwan karo ngelungne korek. 

"Bocah-bocah mau wis padha bali, Wan. Sajake nek kampung kuwi dieksekusi wengi iki, bakale ana bocah sing weruh geger! Kepiye carane, bocah-bocah kuwi aja kaya adhewe sing trauma, sing keweden merga kelingan cilikane dhewe" 

"Iya, nanging sajake bocah-bocah iku kendel" belane Riwan, karo dulinan hape.

"Kendel Wan, merga ana kancane. Jenenge bocah nek isih bareng-bareng karo kancane yo kendel" sauranku karo nebahi wedi segara neng sikilku.

"Kowe kelingan to biyen adhewe karo bocah-bocah ya kendel mancing neng tambak bandenge Kaji Saropi. Masiya kondhang yen ana wong sing mancing neng tambake mesti gulune dikalungi arite" ceritaku.

"Ya mesthi, aku nek dadi Kaji Saropi sing mancing iwak ngono bakale tak kalungi arit. Ngerti ta merga ngopo??" saurane Riwan karo ngempet guyu.

"Utang bank" sauranku karo Riwan bareng karo ngguyu kepingkel-pingkel.

"Ya bener, bocah kuwi urung tekan pikirane semana. Dadi ya kendel-kendel wae. Arepe tak jlentrehke apa kuwi trauma ya angel nek bocah-bocah kuwi ora ana sing dadi contohe, sejene ngono saben bocah beda-beda" pikirku karo njupuk kopi sing diplastiki.

Sajake bengi iki isih durung ana tandha-tandha eksekusi. Aku isih neng pantai, awit sore ora pindhah. Riwan sing ket mau ngecek, sajak sregep saba posko darurat. Aku pilih golek kayu-kayu cilik, kepengin gawe api unggun. Kepengin nostalgia nalikane aku karo kanca-kanca saben malem minggu gawe api unggun karo bakar-bakar iwak sing digawa bapake dhewe-dhewe seka segara. 

Ora suwe Riwan teka. Sajake ora seka posko maneh, merga teka gawa iwak segara karo botol sing isine banyu putih. 

"Kok pas, ngerti wae nek arepe tak kongkong gawe geni. Iki mau kampung sebelah padha ngirimi iwak-iwak dinggo jatah mangane wong-wong. Iwak tongkol iki jatahku karo jatahmu. Sega karo sambele isih dimasak"

"Ya pancen aku ki ngerteni kabeh kekarepanmu kok Wan" sauranku karo golek kayu dinggo nyunduk iwak.

"Berarti aku mengko tak sing jupuk sega karo sambele ya?" aku nawani Riwan.

"Wis, ora usah repot-repot. Tak aku sing jupuk dhewe" Riwan nyauri karo ngedhepne mata sisih. Sajake ngode. Aku paham, mesthi iki ana sing diincer dinggo pacar karo Riwan. 

Wengi iki aku karo Riwan isih neng pinggir segara wae. Milih minggir, merga sing ngewangi warga wis dikoordinasi karo kampuse dhewe-dhewe. Aku sing kampuse beda dhewe pilih minggir, maju yen ana kerusuhan wae. Sak-orane ben aku wae sing dipenthung petugas, dudu wong kampung kene sing sepuh. Karo tambah-tambah tenaga, pengalamanku biyen saya akeh sing nolak nalika eksekusi, petugas bakale ngalah. Turna, beda karo kampungku sing wis dibangunne rusun dhisik. Kene durung. Lemah-lemahe wong-wong kampung iku sing bakale diganti karo rusun. Dadi kaya apa rasane pirang-pirang sasi ora nduwe omah? 

Sewengi iki aku karo Riwan, anane neng pinggir segara mung udat-udut karo seneng isa ngrasakne wedi pantai. Wedi pantai neng kampungku wis dadi beton-beton dermaga sesasi sak rampunge wong kampungku pindhah rusun. Durung meneh beton-beton pemecah ombak sing baris tekan etan nganti kulon. Uga banyune sing rupane wis coklat, ra ana meneh bocah cilik sing golek keong neng pantai meneh. 

Wis wengi. Sajake, eksekusi ora bakal dina iki. Tak deleng wong kampung karo mahasiswa-mahasiswa padha gegojekan neng latar, ana sing dolanan kartu. Sing doyan omben ya padha ngombe karo nyanyi-nyanyi. Tv karo speaker diusung neng latar sarana karaoke sakanane. Dangdutan, nasida ria. Boh kepiye pikirane, omben karo nyanyi sholawatan. 

Polisi saha petugas seka pemerentah, uga leren neng sandhing truk polisi. Gegojekan, karo tentara uga karo warga kampung kono. Kekabehe sajake isa akur, mung pemerentah sing nandhingake kekarone, petugas karo warga. Petugas mung isa manut. Kabeh dadi korban, yen ana lara-larane awak sing krasa ya warga karo polisine. 

Aku mlaku-mlaku karo Riwan, saben ana sing ana neng ngarepan nawani panggon turu. Aku karo Riwan milih turu neng mushola sing ana neng sandhing prapatan. Sakwise adus, aku lungguh neng teras mushola. Sak rombongan wong kampung teka, gawakne kopi karo tela goreng. 

"Mas e niki saking pundi nggih?" takon e salah sijine warga.

"Kula saking Kaliaji, Mas" sauranku.

"Lho, tak kirane njenengan saking kampus kaya mahasiswa kae" takon e wong sing wis rada sepuh.

"sanes Pak" sauranku.

Sakwise aku cerita latar belakangku sing nasibe padha karo wong kampung kene. Aku lagi weruh yen rombongan warga mau ana sing bapake Yudi, uga mas e Paijo. Aku uga cerita traumaku nalikane ana gusuran. 

"Ngene iki lho Mas, rusune durung dibangun! Lha wong-wong kene kon manggon neng ngendi, kon golek dhuwit model apa? Kon mangan apa?" Bapake Yudi karo mbanting tela sing lagi dipangan separo, rodo nggetak. Aku ngerti yen wong-wong golek omah sementara, ngontrak apa kos bakale bayar meneh. Masiya dikeki dhuwit seka pemerentah bakale mesthi mlayu golek utangan. 

"Wan, nyilih ces hapene" 

"Nyoh!" saurane Riwan karo ngelungne ces hape sing wis nglentek kabele.

"Tapi neng kene ra ana colokan" tambahe Riwan.

"Monggo, Mas. Teng mrika mawon" Mas e Paijo nduduhne latar omah sing ana colokane.

"Nggih Mas maturnuwun" 

Ora suwe wong-wong wis padha glethak neng teras mushola. Aku melu glethak. Nyamuke akeh. Sikil tangan kena cakotan nyamuk iki. Wong-wong kampung turu slimutan nganggo sarung. 

Subuh. Musholane dinggo wong-wong subuhan jamaah. Sawijining wong nyetelke sholawat tarhim. Kabeh jegagik tangi. Ana sing ngresiki tela sing kesempar sikil pas turu, ana sing ngguwak kopi karo ngresiki gelas. Aku mlaku njupuk hape. Riwan isih dulinan hape. 

Sakrampunge adzan, wong-wong wis padha mangkat. Mushola wis mulai rame. Aku karo Riwan mlaku neng panggon wudhu. Salah sawijine wong njawil Riwan.

"Pun Mas, boten napa-napa kok. Njenengan tengga teng ngomah kula mriku mawon" sajake Mase Paijo.

"Nggih, Mas. Jawane kula ngumumi tiyang mriki" saurane Riwan karo ngguya-ngguyu. 

Riwan ngluntruk mlaku, karo aruh-aruh wong kampung. Ketara ingah-ingih. 

Sholat subuh rampungan. Wong-wong isih jagongan neng teras masjid. Ora suwe Riwan teka karo ngabari wong-wong.

"Pak, niki begone sampun parkir teng ngajeng, ora suwe meneh kayane eksekusi" 

Tanpa sauran. Wong-wong sing isih guya-guyu padha mlayu bali neng omahe dhewe-dhewe. Ngetokne apa wae sing isa dinggo ngadhang bego. Salah sijine warga sing ketara kulina nyekel mic mushola langsung wara-wara seka mushola. Volumene diserune, beda banget nalika adzan mau. Sampe krungu suara "ngiiiing". sedurunge disambung karo wara-wara sing kesusu "Begone wis tekan ngarep kampuuuunggggg, sumangga sedaya mawon enggal-enggal mrika!!!!"

Aku cepak-cepak mangkat, mara neng ngarep kampung. Ananging bapake Yudi nyegat. 

"Mas, mbok bocah-bocah cilik kae sampeyan ajak teng pundi ngoten, supados boten weruh gegere wong tuwane" jaluke Bapake Yudi karo nyeluk Yudi sing isih kriyip-kriyip metu omah merga wong-wong wis bengak-bengok. 

"Nggih Pak" tak sauri karo mikir arepe tak ajak menyang ngendi bocah-bocah iki. Menawa bal-balan mesthi isih ketara lan krungu anggone gegeran. Ora suwe, aku weruh neng omahe Paijo ana sepedhah.

"Yud, bocah-bocah tak ajak sepedhahan neng kutha. Mengko karo tuku eskrim. Diceluk kon nglumpuk menyang mushola kene ya! Karo aku nyilih sepedhahmu" ngomongku karo Yudi.

"Jo! Ayo sepedhahan wae karo Mase iki" Yudi tanpa nyauri penjalukku langsung bengoki Paijo sing uga kriyip-kriyip.

Riwan sing wis neng ngarep kampung balik goleki aku.

"La, malah kowe isih neng kene. Wong-wong wis padha baris jejer neng ngisor gapura kaelo!" Riwan sajake nesu.

"Yud, Jo! Bocah-bocah liyane paranana, ya! Ngomong diajak aku neng kutha karo tuku eskrim" Yudi gage bali neng omahe merga durung gawa sepedhah, Paijo neng sisihe karo mancal alon sepedhahe. Sajak lagi rundingan. 

"Sek Wan, bapake Yudi mau meling neng aku bocah-bocah iki kon momong, iki arepe tak ajak sepedhahan menyang kutha" sauranku, karo ngrangkul Riwan. Lirih, lambeku tak cedakke kuping Riwan. Karo njlentrehne kongkongane Bapake Yudi. 

"ya wis, sing ati-ati. Aku tak balik gabung menyang ngarep meneh. Bocah-bocah kuwi lewat no dalan kidul, lewat tambak bablas neng dalan gedhe" Riwan ngandhani aku.

Aku mung ndingkluk, nyawang Riwan mlaku, menggok nengen neng protelon lor e mushola. Bocah-bocah wis nglumpuk, Yudi ganti sepedhah sing ana boncengan burine. 

"sepedhahe sapa Yud?" pitakonku

"Sepedhahe ibuk Mas. Nganggo iki wae, sampeyan sing bonceng ya!" penjaluke Yudi. 

Bocah-bocah wus tak "komando" maju dhewe. Bocah-bocah iki kudu "berjuang" kanthi carane dhewe. Amrih kepiyene bocah-bocah aja weruh gegeran sing isa ra nganggo peri kemanusiaan. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun