Sakwise aku cerita latar belakangku sing nasibe padha karo wong kampung kene. Aku lagi weruh yen rombongan warga mau ana sing bapake Yudi, uga mas e Paijo. Aku uga cerita traumaku nalikane ana gusuran.Â
"Ngene iki lho Mas, rusune durung dibangun! Lha wong-wong kene kon manggon neng ngendi, kon golek dhuwit model apa? Kon mangan apa?" Bapake Yudi karo mbanting tela sing lagi dipangan separo, rodo nggetak. Aku ngerti yen wong-wong golek omah sementara, ngontrak apa kos bakale bayar meneh. Masiya dikeki dhuwit seka pemerentah bakale mesthi mlayu golek utangan.Â
"Wan, nyilih ces hapene"Â
"Nyoh!" saurane Riwan karo ngelungne ces hape sing wis nglentek kabele.
"Tapi neng kene ra ana colokan" tambahe Riwan.
"Monggo, Mas. Teng mrika mawon" Mas e Paijo nduduhne latar omah sing ana colokane.
"Nggih Mas maturnuwun"Â
Ora suwe wong-wong wis padha glethak neng teras mushola. Aku melu glethak. Nyamuke akeh. Sikil tangan kena cakotan nyamuk iki. Wong-wong kampung turu slimutan nganggo sarung.Â
Subuh. Musholane dinggo wong-wong subuhan jamaah. Sawijining wong nyetelke sholawat tarhim. Kabeh jegagik tangi. Ana sing ngresiki tela sing kesempar sikil pas turu, ana sing ngguwak kopi karo ngresiki gelas. Aku mlaku njupuk hape. Riwan isih dulinan hape.Â
Sakrampunge adzan, wong-wong wis padha mangkat. Mushola wis mulai rame. Aku karo Riwan mlaku neng panggon wudhu. Salah sawijine wong njawil Riwan.
"Pun Mas, boten napa-napa kok. Njenengan tengga teng ngomah kula mriku mawon" sajake Mase Paijo.