Mohon tunggu...
Suyito Basuki
Suyito Basuki Mohon Tunggu... Editor - Menulis untuk pengembangan diri dan advokasi

Pemulung berita yang suka mendaur ulang sehingga lebih bermakna

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Pilihan

In Memoriam: Pdt. Em. Drs. Siman Widyatmanta, M.Th, Pejuang Bahasa dan Kebudayaan Jawa itu Telah Tiada

6 Mei 2023   11:22 Diperbarui: 6 Mei 2023   22:51 1626
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pdt. Em. Drs. Siman Widyatmanta, M.Th. (Sumber Gambar: dokumen pribadi)

Pak Siman: Budaya Jawa itu selalu menunjuk pada kognitif afektif dan fungsi atau nilai.  Dados miturut pikiran lan penalarane, biyen omahe ki neng ngisor, ning bareng ana kewan-kewan, banjur gawe omah ana ing ndhuwur, omah panggung.  Nha itu kognitif, ning afektif karena ada perasaan dan kegunaan untuk kewan-kewan tadi dan juga menghindari banjir. 

Adapun bahasa, tari, seni rupa, unggah-ungguh itu yang disebut sebagai sendi-sendi budaya.  Di GKJ Samirono Yogyakarta ada kelompok minat pelestari budaya Jawa, sakpunika ingkang dipun tindakaken gamelan, macapat.  Lajeng kerja sama kaliyan kokomas (komisi komunikasi masyarakat) melakukan siaran.  Lha punika rumiyin nalika kula damel buku macapat "Jangkar Gondhelaning Gesang" punika kula gandhengaken kaliyan kokomas, macapat dipun tindakaken kokomas.

Yang disebut Jawa itu pandangan hidup kejawen.  Pandangan hidup kejawen itu berbicara bagaimana pandangan hidup tentang Tuhan, pandangan hidup tentang manusia, pandangan hidup tentang alam semesta dll.  Kula sampun nate damel artikel bab gepok senggolipun Kristen kaliyan kejawen.  

Inggih punika ngrembag kanggone wong Jawa, gusti Allah iku apa ya.  Lha punika menawi onten ing kejawen tan kena kinaya ngapa, ora kena dipadhakaken apa wae.  Nanging saben tiyang gadhah Gusti Allah piyambak, sing momong. Sing ngecet lombok abang, sing ngukir pare lan sakpiturutipun punika, lha kaya ngapa ta, ha ya embuh, ya kaya ngono kuwi, tan kena kinaya ngapa, punika ingkang ngrembag buku Brotokesawan Kunci Swarga.

Saya: Lalu pandangan orang Jawa Kristen terhadap Tuhan seharusnya bagaimana?

Pak Siman: Gusti Allah iku rak transenden ta?  Ora ana wong kang wis tau weruh Gusti Allah.  Sing adu arep, bakal mati. Nanging sareng  Gusti Yesus manjalma manungsa, lha lajeng saged dipun gambar, jane ora ana wong sing bisa nggambar Gusti Allah.  Wong Jawa bareng wiwit ketemu karo agama Hindhu banjur nduwe Hyang tunggal, Hyang Wenang, bareng ketemu Islam dadine nduwe tembung Gusti Allah.  Tumrape para wong Jawa para pemimpin iku wakili Gusti Allah.  Mulana banjur ana hamengku buwono, hamangkurat, mangkubumi, mangkunegara lan sakpiturutipun.  Rehne punika wakilipun Gusti Allah, tan kena wola-wali, sabda pendhita ratu. Pendhita pimpinan rohani, ratu pimpinan jasmani, mulane wis ora bakal kleru,  pramila Sri Sultan Hamengkubuwono ngedalaken sabda raja punika, sanadyan para rayi padha protes.

Saya: Bagaimana sikap Jawa dalam ibadah gereja?  Bagaimana pula dengan adanya ibadah alternatif yang sekarang marak di gereja?

Pak Siman: Aku ki wong kolot , golongan enom karo golongan tuwa ki ora pati gathuk.  Wong Jawa sakpunika sampun sami ninggal Jawane.  Upamane nek mangan ki aja ning tengah lawang, nek mangan ki dha lungguh sing apik.  Lha sakniki, dha mangan karo ngadeg lan omong-omongan kok.  Mangka mangan ki aja karo ngomong, 'ngko keselak.  Mila menawi kula wonten ing resepsi standing party, kula trimah meneng kemawon, nek dipun pendhetaken nggih kula tedha nek mboten nggih mboten nedha, wegah kula rebutan ngaten punika.  Ngibadah Jawa punika nyepi golek sing sepi kok, lha samangke rak pating grobyak, dados cara kula, cara tuwa, nggih namung swaraning pendhita ingkang kedah dirungokake, awit nggih punika pusat ibadah. Ngantos sprika sepriki punika, pengakuan iman kok ndadak ngadeg barang piye ta, mbok uwis thenguk-thenguk wae.  

Saya: Lalu apa peran pendeta dalam ibadah menurut pemahaman Jawa?

Pak Siman: Pendeta itu wakil Tuhan,   yang membawa firman.  Secara Jawa dipahami sebagai brahmana, sabda pendhita ratu. Dan sekarang sembahyang karo tangane ngena-ngene, mangka  sembahyang iku ngapurancang, duduk dengan sikap yang baik, punika cara Jawa.  Lha punika menawi rembagan kaliyan lare-lare inggih lajeng mboten cocok, lha lare-lare punika sembahyang karo bengok-bengok barang. Kula mestani arti panggilan dan pelayanan itu berbeda, kula taksih meningi, khotbah mboten mawi transportasi punika. Ing tahun 1970-nan, kula dados dosen punika, mbimbing skripsi, ujian skripsi mahasiswa punika tanpa biaya.  Ning samangke rak mboten ngaten.

Saya: Apakah itu yang disebut pelayaan sejati dalam konteks Jawa?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun