"Pak," celuke Wiji alon.
Diman meneng, ora nyauri. Wiji nyedek. Sapune diseleh. Wong wedok iku lungguh sandinge bojone. Diman sing sik mangkel nyingkuri, geser lek lungguh.
"Wong ganteng iku disawang saka endi ae enak yo Pak tibake. Gegere ae enak disawang opo maneh rupane yo Pak, mesti luwih ganteng iku," rayune Wiji.
Diman sik meneng.
"Ngerti gak Pak, mau bengi aku meh semaput pas nyanyi? Mau bengi iku gak sengojo aku nyawang wong ganteng, sayange kok gak gelem mesem. Lara weteng ketoke, lek gak lagi nesu karo bojone paling. Tapi apik ngunu sih, coba mau bengi de'e mesem, iso langsung ngeblak aku nang panggung."
Diman ora nyuwara, pancet umek karo sepedae.
"Wong ganteng saiki sombong-sombong yo, Pak? Dijak omong meneng ae, ditakoki gak nyauri. Ndahno lek tak tembak yo, mesti langsung ditolak aku trus patah hati deh."
Sik ora oleh sauran. Wiji akhire meneng. Wong wedok iku trus ngadeg. Sak durunge ngalih Wiji nyawil pipine bojone karo omong,
"Yo wis lah lek ancen sik lara atine, aku tak lunga ae."
"Nang ndi? Nang omah ae."
Diman sing mau meneng ae langsung nyauri karo noleh nang bojone.