Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo bagus sing merak ati
Wiji wis mulai nyanyi. Wong-wong kampung sing mau ngadeg wis joget-joget nang pinggir panggung karo mbengok-mbengok. Tomin mudun saka pangkuane bapake. Arek lanang cilik iku mlayu nang ngarep panggung.
"Mak'e, atu Tomin! Mak'e, atu anakmu!" bengoke karo ngguya-ngguyu.
Wiji sing mau isin-isin saiki wis wani goyang. Suwara musik karo bengokane penonton garai wong wedok iku lali pesenane bojone. Nang kursine Diman meneng ae. Tangga-tanggane sing lungguh sandinge bisik-bisik karo mesam-mesem.
"Pak, nang ndi iki kok gak menggok? Iku omahe," takone Wiji.
"Sik eling nduwe omah tibake," saure Diman.
Acara Panggung Gembira wis buyar. Tomin sing mau ora mandek lek obah ae saiki wis turu nang gendongane bapake. Nang omah Diman nguduno anake nang kasur trus bablas merem. Nesu, batine Wiji. Mari ngresiki pacake, ganti klambi, Wiji siap-siap nyanding anak bojone turu. Nyanyian koplone sukses garai wong sak kampung goyang.
Bengi iki Wiji ora ndang merem. Wong wedok iku ngerti lek bojone nesu. Kate dijak omong Diman nyingkuri, Wiji yo wedi lek ngko malah gembrah. Akhire diempet, meneng ae. Wiji yo ngeling-eling pas mau nang duwur panggung, seneng, bangga ning lek eling bojone yo rada ora penak. Akhire ora iso turu dhewe.
Isuk bojone sik meneng ae. Anake wis budal sekolah. Ndilalah dina iki bojone ora kerja. Garapane wis mari. Bojone saiki lagi nang mburi omah, dandan-dandan sepedae. Lek dibahas sing mau bengi ngko ngamuk mesti, batine Wiji. Wong wedok iku wis mikir-mikir, dheweke ngrasa salah. Kudune yo ora dandan kaya ngunu, masio mau bengi wis mekso atek stoking. Durung maneh perkara goyang, jelas ngejak gelut bojone iku.