"Iyo lho Lik, sampeyan lek ngene ketok kaya gadis maneh. Makane ta gaul sithik, ben dina atek daster ae gak bosen ta," tambahe Mini, ponakane Paini.
Panggung Gembira wis siap nguncang kampung bengi iki. Artis-artis dadakan yo wis nyanyi siji-siji. Wiji ndredek nunggu giliran, ndredek kuadrat mergo pacakane.
"Ganti ae, nesu ngko Pak'e Tomin."
"Gak, kae lho wonge wis lungguh anteng nang ngarep karo anakmu. Koen ngko metu ayu ngene mesti pangling Diman. Bangga malah, bojone iso ayu tibake."
"Aku lho ayu," saute Wiji karo mecucu.
"Lha iyo, koen ayu. Makane diduduhno ayune. Wis siap-siap, mari ngene giliranmu tampil."
Diman sing sik lara sikile mari Magrib wis siap lungguh nang ngarep panggung. Anake sing kaet mau umek dolanan karo arek-arek cilik liyane saiki wis melu meneng nang pangkone, ngenteni emake metu. Wong-wong kampung sing masio wis dicepaki lungguhan akeh sing milih ngadeg, cek iso melu joget nang pinggir panggung.
"Pak, mak'e kapan nyanyi?" takone Tomin.
"Mari ngene."
"Mak'e nyanyi Bintang Kecil?"
"Gak."