Iki crita mbalik jaman Tomin durung diolah.
"Mas, ndredeg?" takone Wiji.
"Gak."
"Wis apal?"
"Wis."
Wiji karo Diman dina iki rabi. Lanang wedok iku isuk-isuk wis siap nang KUA. Wiji dikancani bapak karo paklik'e. Diman dikancani emak'e. Bapake Diman sing kaet metu saka rumah sakit ngenteni nang omahe Wiji sing wis rame kaet wingi.
"Kae, wis metu. Ndang gek mlebu!" bengoke emake Diman sing kaet mau ora gelem lungguh.
"Sabar sik, Mak. Cek padha metu kabeh, gantian," saure Diman.
"Lha wis mari kok. Gek kono lho."
"Sing rabi ki sopo sakjane, aku opo mak'e?" omonge Diman karo ngadeg.
Pak Modin sing mari ngrabekno pasangan pertama wis siap. Wiji karo Diman yo wis lungguh nang ngarepe. Nang ruangan wong-wong sing melu padha anteng kabeh, meneng ngenteni Diman ngucapno ijab.