"Wou yo salahe sampeyan dewe. Nduwe kentongan ki digawe," omonge Wiji karo njuding lambene bojone.
"Makane lek ngrayu ki dipikir. Kiwir-kiwir lambene saiki ngrasakno deh," omonge Wiji maneh.
"Lek sing diutangi ikhlas yo gak popo, oleh," omonge Diman.
"Karepe sampeyan la'an. Ngko lek ora mbok saur sisan malah males, lali. Duso," saure Wiji.
Jenenge mas kawin lek durung dibayar lunas yo durung oleh awor karo bojone. Emak, bapak karo dulur-dulure Diman wis mbalik nang Surabaya. Dheweke keri nang omahe mara tuwane. Dikebut awan bengi akhire telung dina utang mas kawine lunas. Bengi Diman wis mesam-mesem.
"Dek," celuke nang bojone sing wis mlungker, turu.
"Opo?"
"Kok opo? Wis lunas."
"Aku ngantuk," saure Wiji karo sik merem.
"Wou yo gak oleh, duso ngunu kuwi."
"Ora oleh mekso, aku ngantuk kok."