Diman gemes ning meneng ae. Tangane bojone diuglek-uglek. Wiji akhire melek. Disawang bojone sing lungguh nang sanding.
"Aku mens."
"Heh? Kapan?"
"Sore mau."
"Gek pirang suwi biasane?"
"Seminggu."
Rasane kudu koprol ning Diman meneng ae. Wong lanang iku akhire ngadeg karo nyandak sarunge.
"Nang ndi?" takone Wiji.
"Nontok tipi, timbang mumet."
Durung iso ngrasakno malam pertama, Diman selot rajin. Isuk budal nang sawah, ngewangi mara tuwane, sampek awan. Kandang wedhuse mara tuwane dibenakno. Saiki dheweke sing golek pakan yoan. Jam pitu saking kesele wis budal turu sampek isuk.
"Delok kae mantumu, Pak. Sregep tenan. Suket-suket dijeboli kaya ngunu. Njajal lek biyen Wiji oleh Parjo lak ora mungkin gelem kaya ngunu wong anake priyayi," omonge emake Wiji.