"Iyo."
Wiji sing nang pawon krungu wong tuwane ngrasani bojone mung mesam-mesem. Sore mulih golek ramban, Diman ndelok bojone kaet metu saka jading. Rambute teles dibuntel anduk. Ora krasa wis seminggu lek ngenteni. Wong lanang iku mesam-mesem, seneng.
Bengi nang njero kamar,
"Dek, wes mari?"
Wiji mesem. Diman melu mesem.
"Ngko ae, sik yahmene."
"Yo gak popo."
"Emoh. Mangan sik kono, ayo."
Sakjane wis ora kanten ning manut ae. Diman mangan dikancani bojone.
"Mak, Pak!" Wiji sing ora ndelok wong tuwane kaet sore mbengok nyeluki.
"Nang kene," bengoke emake.
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!