Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Wow!

29 Oktober 2012   23:57 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:14 1251
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13515549451519633079

[caption id="attachment_206557" align="aligncenter" width="400" caption="dijupuk saka quickmeme.com"][/caption]

"Min! Tomin!"

"Lapo sih pak bengak-bengok? Areke turu kae, kesel mari sekolah."

"Ki lho tak kon ngewangi njunjung kayu. Yahmene kok turu, meh surup."

"Mari ngene tak ewangi, tak marekno lekku nyapu sik."

Wiji cepet-cepet marekno lek nyapu. Nang mburi omah bojone nglumpukno kayu saka uwit sing garing. Lumayan iso dinggo ganti gas sementara. Udan sing ora teka-teka garai kampunge garing. Kayu-kayu ngadek tanpa godhong. Mari Magrib Tomin lagek tangi. Ora ndang adus, arek lanang iku langsung moro nang pawon golek panganan. Pak'e karo mak'e wis nang pawon dhisikan kate mangan. Lagek kate nyomot tempe, Diman sing risih ndelok anake langsung nyuara.

"Raup-raup kono dhisik, ilermu tekan ngendi-ngendi iku lho."

Krungu omongane pak'e, Tomin langsung mrengut. Tangane nggantung, durung sido nyupuk tempe.

"Wes pak, jarno ae. Arek wes luwe kok malah diomeli," belane Wiji.

Dibelani mak'e, Tomin sing mrengut selot mecucu. Sengaja cek pak'e ngrasa bersalah banjur mak'e mbelani maneh.

"Lha nggilani ngunu iku lho raine. Raup sik lak enak, seger."

"Gak oleh mangan yo wes," omonge Tomin karo kate ngaleh.

"Sing omong gak oleh sopo?"

"Wes...wes, malah gelutan. Ndang kene, tak jupukno sego. Mangan sik ngko gek adus," omonge Wiji.

Wis luwe, ngrasa menang, Tomin lungguh maneh. Lek wis kaya ngunu Diman mung iso meneng ae. Anak siji lek kaya ngunu terus kapan sinaune, kapan iso mbeneh.

Isuk, dina Minggu, Tomin sing ora sekolah nerusno lek turu. Bapak emake kaet isuk wis umek dewe ning arek lanang iku sik ngenakno lek ngeloni gulinge. Diman umek nang kandang samping omah. Kandang wedhuse wayahe mbenakno. Wiji isuk-isuk wis nang pasar, masak, ngresiki omah.

Nganti meh jam rolas Tomin durung tangi-tangi. Diman sing gregeten rasane kudu nyeret anak lanang siji-sijine iku ning diempet, males lek ngko bojone mbelani anake maneh.

"Wes mari pak kandange?" takone Wiji karo ngelungno wedang nang bojone.

"Gurung, ngko neh, kesel."

"Yo sithik-sithik ae, wes tuwek ojo mekso lek kerjo."

"Ho oh. Duwe anak siji yo gak gelem ngewangi, malah sik mlungker yahmene."

"Wes ta lah pak, ojo ngomel ae. Kerjo ki yo sing ikhlas. Ngko lek aku wes mari yo tak ewangi," omonge Wiji.

"Lha koen dewe yo akeh penggaweanmu. Iku onok arek enom nganggur kok gak oleh kon ngewangi. Ojo diterus-terusno mak lekmu manjakno arek iku, wes gede ngko lek gak diwarahi mbeneh nang wong tuwek, ngerti kerjo, kene dewe sing susah."

"Halah, ngko lek gede lak mbeneh-mbeneh dewe. Awake dewe ki kurang opo dadi wong tuwo? Kabeh wes dituruti, disekolahno, dicukupi butuhe..."

"Lha yo justru iku..."

"Justru iku yok opo? Nyatane anakmu yo gak tau aneh-aneh. Mosok tau areke gelutan karo kancane koyok nang tipi-tipi kae? Opo tau nyolong? Opo tau kurang ajar karo wong tuwek?..."

"Yo wes karepmu, aku mung ngandani. Kene pijeti diluk ae, boyokku rasane pegel kabeh."

Dipikir-pikir opo sing diomongno bojone ancen bener. Anake iku rada males. Masio ta kaya omonge dheweke lek anake iku ora tau gelutan utawa nglakoni opo sing ora genah. Anake iku mung manja, ora nakal, pikire Wiji. Lagek mijeti bojone, anake lanang iku moro-moro nyebus, kaet tangi.

"Enake rek yahmene kaet tangi. Gek mangan trus nontok tipi trus turu maneh, minggu-minggu kan wayahe libur," omonge Diman ndelok anake sing angop ae.

"Pak..." celuke Wiji lirih.

"Gak ngerti pak'e karo mak'e pontang-panting kaet isuk..."

"Trus aku kudu ngomong WOW karo koprol ngunu pak?" saure Tomin karo ngaleh.

"Lah, delok iku...ngunu iku gak kurang ajar jaremu?"

Wiji meneng. Dibanteri lek mijeti bojone, nenangno bojone karo nenangno awake dewe sing mulai gemes karo anake.

"Mak...." celuke Tomin sing kaet adus.

Wiji meneng. Wong wedok sing lagek nggoreng tempe iku ora semaur. Ben wayahe mangan, wong wedok iku mesti nggoreng tempe. Tomin ora seneng lek ora ono lawuh tempe. Lawuh tempe thok lek ora anget yo ora gelem.

"Mak, tukokno henpon yo?" omonge maneh.

"Lha lapo, wong wis nduwe ngunu?" akhire Wiji nyauri.

"Iku kan ta'ane pak'e, digawe bareng-bareng. Aku njaluk dewe."

"Bareng-bareng lak sing penting iso digawe. Wong ben dino nyasat koen thok sing nggawe ngunu lho."

"Gak enak mak, wingi pas tak gowo nang sekolahan moro-moro onok telpon ko koncone pak'e. Lak repot ngunu iku."

"Repot lapo? Lek onok sing telpon pakmu iku jenenge rejeki, wong kate ngewei penggawean, oleh duit."

Tomin kukur-kukur gundule. Raine dimelas-melasno. Mak'e mesti ora tega. Dheweke wis apal sifate mak'e. Lek digregik suwi-suwi lak brodol, dituruti karepe.

"Aku wes kelas telu mak, selot repot nang sekolah. Kate ujian nasional, akeh tugas, akeh tambahan plajaran..."

Wiji sing mau umek karo tempe sing digoreng noleh nang anake. Disawang arek lanang sing ngadek nang sandinge iku.

"Trus aku kudu malik tempe karo kayang ngunu?" saure banter banjur mbalik umek karo tempene.

Krungu omongane bojone, Diman sing mau mung inguk-inguk nang cendelo ngempet ngguyu. Tomin sing ora nyangka mak'e bakal reaksi kaya ngunu mung iso mecucu trus krembuk-krembuk ngaleh.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun