Wiji meneng. Dibanteri lek mijeti bojone, nenangno bojone karo nenangno awake dewe sing mulai gemes karo anake.
"Mak...." celuke Tomin sing kaet adus.
Wiji meneng. Wong wedok sing lagek nggoreng tempe iku ora semaur. Ben wayahe mangan, wong wedok iku mesti nggoreng tempe. Tomin ora seneng lek ora ono lawuh tempe. Lawuh tempe thok lek ora anget yo ora gelem.
"Mak, tukokno henpon yo?" omonge maneh.
"Lha lapo, wong wis nduwe ngunu?" akhire Wiji nyauri.
"Iku kan ta'ane pak'e, digawe bareng-bareng. Aku njaluk dewe."
"Bareng-bareng lak sing penting iso digawe. Wong ben dino nyasat koen thok sing nggawe ngunu lho."
"Gak enak mak, wingi pas tak gowo nang sekolahan moro-moro onok telpon ko koncone pak'e. Lak repot ngunu iku."
"Repot lapo? Lek onok sing telpon pakmu iku jenenge rejeki, wong kate ngewei penggawean, oleh duit."
Tomin kukur-kukur gundule. Raine dimelas-melasno. Mak'e mesti ora tega. Dheweke wis apal sifate mak'e. Lek digregik suwi-suwi lak brodol, dituruti karepe.
"Aku wes kelas telu mak, selot repot nang sekolah. Kate ujian nasional, akeh tugas, akeh tambahan plajaran..."