"Lha koen dewe yo akeh penggaweanmu. Iku onok arek enom nganggur kok gak oleh kon ngewangi. Ojo diterus-terusno mak lekmu manjakno arek iku, wes gede ngko lek gak diwarahi mbeneh nang wong tuwek, ngerti kerjo, kene dewe sing susah."
"Halah, ngko lek gede lak mbeneh-mbeneh dewe. Awake dewe ki kurang opo dadi wong tuwo? Kabeh wes dituruti, disekolahno, dicukupi butuhe..."
"Lha yo justru iku..."
"Justru iku yok opo? Nyatane anakmu yo gak tau aneh-aneh. Mosok tau areke gelutan karo kancane koyok nang tipi-tipi kae? Opo tau nyolong? Opo tau kurang ajar karo wong tuwek?..."
"Yo wes karepmu, aku mung ngandani. Kene pijeti diluk ae, boyokku rasane pegel kabeh."
Dipikir-pikir opo sing diomongno bojone ancen bener. Anake iku rada males. Masio ta kaya omonge dheweke lek anake iku ora tau gelutan utawa nglakoni opo sing ora genah. Anake iku mung manja, ora nakal, pikire Wiji. Lagek mijeti bojone, anake lanang iku moro-moro nyebus, kaet tangi.
"Enake rek yahmene kaet tangi. Gek mangan trus nontok tipi trus turu maneh, minggu-minggu kan wayahe libur," omonge Diman ndelok anake sing angop ae.
"Pak..." celuke Wiji lirih.
"Gak ngerti pak'e karo mak'e pontang-panting kaet isuk..."
"Trus aku kudu ngomong WOW karo koprol ngunu pak?" saure Tomin karo ngaleh.
"Lah, delok iku...ngunu iku gak kurang ajar jaremu?"