"Gak oleh mangan yo wes," omonge Tomin karo kate ngaleh.
"Sing omong gak oleh sopo?"
"Wes...wes, malah gelutan. Ndang kene, tak jupukno sego. Mangan sik ngko gek adus," omonge Wiji.
Wis luwe, ngrasa menang, Tomin lungguh maneh. Lek wis kaya ngunu Diman mung iso meneng ae. Anak siji lek kaya ngunu terus kapan sinaune, kapan iso mbeneh.
Isuk, dina Minggu, Tomin sing ora sekolah nerusno lek turu. Bapak emake kaet isuk wis umek dewe ning arek lanang iku sik ngenakno lek ngeloni gulinge. Diman umek nang kandang samping omah. Kandang wedhuse wayahe mbenakno. Wiji isuk-isuk wis nang pasar, masak, ngresiki omah.
Nganti meh jam rolas Tomin durung tangi-tangi. Diman sing gregeten rasane kudu nyeret anak lanang siji-sijine iku ning diempet, males lek ngko bojone mbelani anake maneh.
"Wes mari pak kandange?" takone Wiji karo ngelungno wedang nang bojone.
"Gurung, ngko neh, kesel."
"Yo sithik-sithik ae, wes tuwek ojo mekso lek kerjo."
"Ho oh. Duwe anak siji yo gak gelem ngewangi, malah sik mlungker yahmene."
"Wes ta lah pak, ojo ngomel ae. Kerjo ki yo sing ikhlas. Ngko lek aku wes mari yo tak ewangi," omonge Wiji.