Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Bolos

14 Oktober 2012   22:56 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:50 558
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13502552981714268053

[caption id="attachment_204220" align="aligncenter" width="400" caption="ilustrasi dijupuk saka gudangkartun.blogspot.com"][/caption]

"Muleh ae lah, Pak Joko lho gak onok, kosong."

"Gak usah, nongkrong nang kantin ae."

"Gundulmu! Lak malah ketemon kene ngko."

Tomin meneng ae ngrungokno kanca sak kelase padha udur-uduran. Jam terakhir kosong. Pak Joko, guru Bahasa Indonesiane ora mlebu mergo lara. Arek-arek lanang sing jumlahe telung puluhan iku akhire kompak mbolos. Cek ora ketemon, arek-arek iku metu siji-siji. Kelas paling pojok, pinggir tembok paling tepak lek ngge ngene-ngene iki. Tomin sing asline ora pingin mbolos gelem ora gelem yo melu mlompat tembok mburi kelase. Tas'e diuncalno dhisik cek ora nyantol nang kawat sing dipasang nang duwur tembok pager sekolahe.

"Maen PS ae ta Min?" takone Edi.

"Gak, gak duwe duit aku," saure Tomin.

"Halah, sediluk ae. Sak jam ae."

"Gak, aku muleh ae."

Kanca-kancane Tomin padha umek lek kate dolan dhewe-dhewe. Ono sing milih maen PS, ono sing ngajak nang warnet. Arek lanang sak kelas mencar dhewe-dhewe. Ono sing nang warung, ono sing nang pinggir dalan, ono sing mandeg leren nang terminal, ono sing milih langsung mulih kaya Tomin.

Tomin sing omahe rada adoh kudu numpak bemo mulihe. Mudun saka bemo dheweke sik kudu mlaku polahe kampunge rada mlebu. Karo mlaku Tomin eling mak'e. Masio wis awan ning durung jam'e mulih sekolah. Langsung mulih ngko mesti ditakoni mak'e. Lek ketemon mbolos malah cilaka. Akhire Tomin mlipir nang pinggir kampung, nang kali. Arek STM sing wis sunat pindo iku ngempet luwe wetenge. Mak'e tukang nyocot, iso dawa perkarane lek ngerti anak lanange iku mbolos sekolah. Durung nganti teka sing kate diparani, Tomin ndelok wong lanang sing ora asing. Wong lanang umur patang puluhan iku lagi ndeprok nang ngisor wit pring pinggir kali.

"Pak'e," celuke Tomin.

Ngerti ono wong, Pak'e Tomin sing lagek rokokan kaget nganti meh nyumbul. Rokoke ndang didelekno, dipateni.

"Heh, lapo koen rene? Muleh kono," omonge nang anake.

"Lha sampeyan lapo awan-awan nang kene yoan?"

Tomin nyedeki bapake banjur melu lungguh. Awan-awan nang ngisor pring ancen enak, isis. Sik pingin rokokan, ngerti lek anake sing teka, Pak'e Tomin ngempakno maneh rokoke. Alon disedot rokok sing mau dipateni iku. Bojone ora ngolehi wong lanang iku ngrokok. Pak'e Tomin sing masuk wong lanang manut ho oh ae, melu omongane bojone.

"Koen kok wes muleh? Mbolos yo? Tak kandakno makmu koen," omonge Pak'e Tomin.

"Gak wong gurune loro kok, gak mlebu."

"Mbujuk. Keplak sisan koen ngko."

"Gak, sopo sing mbujuk? Sampeyan dewe yo rokokan lek mak'e eruh yo mbuh ngko."

"Wes meneng o, iki yo ndelek-ndelek cek gak konangan makmu."

Bapak karo anak iku akhire meneng. Pak'e Tomin nerusno lek rokokan, mumpung iso. Tomin mbuka kancing klambine, ngisis karo glesotan. Ono sepuluh menit wong loro iku ora omong-omongan, mung ngenakno lek ngrasakno howo seger. Lagek enak-enak nyedot rokoke moro-moro saka pinggir matane Pak'e Tomin nangkep bayangane wong sing wis diapal. Wong lanang sing mau meneng anteng iku saiki ngomel-ngomel ora jelas nang anake sing plonga-plongo ora ngerti opo-opo iku.

"Ngunu yo, digoleki nang ndi-ndi tibake nang kene. Gak ngerti bojone bengak-bengok koyok wong edan ngoleki malah ngenakno ngisis nang ngisor pring."

Moro-moro mbuh saka endi parane Mak'e Tomin wis njebus karo ngomel-ngomel.

"Lah aku lho tas teko ae mak, takoni ki anakmu," omonge Pak'e Tomin, mbujuk.

"Koen, lapo nang kene? Yahmene kok wes muleh? Mbolos yo koen?"

Tomin sing kaget bingung lek nyauri akhire selot amba lek ngowoh. Mak'e Tomin sik ngomel-ngomel ndelok anake plonga-plongo. Pas ndelok bojone, matane nangkep barang cilik nang cepitan drijine bojone.

"Wou...tibake iki mau sampeyan rokokan? Wes bosen urip sampeyan pak?"

Pak'e Tomin sing saking kagete ndelok bojone lali ora ngguwak rokoke. Wong lanang iku cengar-cengir karo golek alasan.

"Iki guduk ka'anku mak," saure.

"Trus ka'ane sopo? Jin sing nunggu kali? Opo sing nunggu pring? Jin ndas ireng?"

"Hush, ati-ati lek ngomong mak. Onok temenan ngko tersinggung lho."

"Bah. Aku lho gak wedi karo jin ndas ireng. Wes dikandani ojo rokokan, ambekan ae wes senin kemis ngunu kok sing ngeyel ae. Pingin ndang bablas opo yok opo sampeyan? Gak pingin ndelok anakmu omah-omah?"

Tomin ndelok mak'e ngomel meneng ae. Kate ngaleh yo ora wani.

"Sik ta mak, iki lho guduk rokokku. Aku mau ki kaet ko sawah trus tak delok anakmu doprok nang kene yo tak parani tho, tibake kok..."

Krungu omongane bojone, Mak'e Tomin sing mau menteleng-menteleng nang bojone langsung pindah nang anake. Tomin sing melu kaget krungu omongane pak'e kate mangap, mbelo awake tapi pak'e langsung menteleng, ngancem karo tatapan matane.

"Koen saiki wes wani rokokan sisan? Wes iso golek duit koen, heh?"

"A...e...mak..." Tomin bingung kate ngomong.

"Yahmene wes muleh sekolah, mesti mbolos. Tambah rokokan sisan, jaluk diajar koen?"

Tomin ketap-ketip karo nyawang pak'e. Pak'e mung menteleng, ora mbelani.

"Garek sekolah ae, gak golek duit sik ae mbolosan. Gak ngerti pak'e karo mak'e lek jungkir walik malah saiki wani-wani rokokan. Duite sopo iku sing mbok ngge tuku, heh? Opo koen saiki wes wani nyolong sisan?"

Ora dibelani, ora iso mbantah mak'e, Tomin akhire mung ndingkluk. Ndelok anake diomeli wolak-walik karo bojone, Pak'e Tomin ora tega.

"Wes mak, iku mau yo wes tak seneni. Makane iki mau langsung tak jaluk rokoke. Wes, ayo muleh ae, gak enak lek onok sing krungu."

"Bahno, arek dibelani cek iso sekolah sing nggenah kok malah koyok ngene. Opo pingin koyok bapak emake sing goblok gak tau mangan sekolahan, pingin dadi wong susah koen?"

"Wes mak, paling yo melu-melu kancane iku, mung njajal pisan-pisan. Sesuk-sesuk lak wes gak maneh, gak wani. Paling-paling iku mau rokoke yo mung uthis, siso lek nemu. Iyo kan Min?"

Tomin manthuk alon. Mak'e sik ae ngomel. Pak'e ngerih-ngerih mak'e cek mandeg lek ngomel.

"Wes mak, ki aku mrinding. Ojo-ojo sing nduwe kali ngamuk iki krungu awakmu mbengak-mbengok."

"Bah, koyok arek cilik ae diden-deni. Anakmu ki ojo mbok belani, ojo ditokno ae koyok ngene. Arek ngene iki lek dijarno ngko selot mayak, gak ngerti susahe wong tuwek golek duit...."

Ora iso mbelo anake, ora iso ngendek omelane bojone, Pak'e Tomin milih meneng. Tomin mung iso ndingkluk ora nyauri sak kecap, timbang selot ngamuk mak'e iku. Lagek ngenakno lek ngomeli anake moro-moro ono angin gedhe lewat. Mak'e Tomin langsung meneng, mrinding banjur ngajak bojone mulih.

"Gek muleh, nang ngisor pring koyok wong gak duwe omah ae," omonge Mak'e Tomin karo ndang-ndang ngaleh.

"Ngunu jare gak wedi," omonge Pak'e Tomin lirih.

Tomin ngetutno pak'e mak'e karo sik ndingkluk.

"Awas koen ngko nang omah," anceme mak'e karo mlaku.

"Awak," omonge Tomin karo krembuk-krembuk mlaku.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun