Tomin sing omahe rada adoh kudu numpak bemo mulihe. Mudun saka bemo dheweke sik kudu mlaku polahe kampunge rada mlebu. Karo mlaku Tomin eling mak'e. Masio wis awan ning durung jam'e mulih sekolah. Langsung mulih ngko mesti ditakoni mak'e. Lek ketemon mbolos malah cilaka. Akhire Tomin mlipir nang pinggir kampung, nang kali. Arek STM sing wis sunat pindo iku ngempet luwe wetenge. Mak'e tukang nyocot, iso dawa perkarane lek ngerti anak lanange iku mbolos sekolah. Durung nganti teka sing kate diparani, Tomin ndelok wong lanang sing ora asing. Wong lanang umur patang puluhan iku lagi ndeprok nang ngisor wit pring pinggir kali.
"Pak'e," celuke Tomin.
Ngerti ono wong, Pak'e Tomin sing lagek rokokan kaget nganti meh nyumbul. Rokoke ndang didelekno, dipateni.
"Heh, lapo koen rene? Muleh kono," omonge nang anake.
"Lha sampeyan lapo awan-awan nang kene yoan?"
Tomin nyedeki bapake banjur melu lungguh. Awan-awan nang ngisor pring ancen enak, isis. Sik pingin rokokan, ngerti lek anake sing teka, Pak'e Tomin ngempakno maneh rokoke. Alon disedot rokok sing mau dipateni iku. Bojone ora ngolehi wong lanang iku ngrokok. Pak'e Tomin sing masuk wong lanang manut ho oh ae, melu omongane bojone.
"Koen kok wes muleh? Mbolos yo? Tak kandakno makmu koen," omonge Pak'e Tomin.
"Gak wong gurune loro kok, gak mlebu."
"Mbujuk. Keplak sisan koen ngko."
"Gak, sopo sing mbujuk? Sampeyan dewe yo rokokan lek mak'e eruh yo mbuh ngko."
"Wes meneng o, iki yo ndelek-ndelek cek gak konangan makmu."