"Bahno, arek dibelani cek iso sekolah sing nggenah kok malah koyok ngene. Opo pingin koyok bapak emake sing goblok gak tau mangan sekolahan, pingin dadi wong susah koen?"
"Wes mak, paling yo melu-melu kancane iku, mung njajal pisan-pisan. Sesuk-sesuk lak wes gak maneh, gak wani. Paling-paling iku mau rokoke yo mung uthis, siso lek nemu. Iyo kan Min?"
Tomin manthuk alon. Mak'e sik ae ngomel. Pak'e ngerih-ngerih mak'e cek mandeg lek ngomel.
"Wes mak, ki aku mrinding. Ojo-ojo sing nduwe kali ngamuk iki krungu awakmu mbengak-mbengok."
"Bah, koyok arek cilik ae diden-deni. Anakmu ki ojo mbok belani, ojo ditokno ae koyok ngene. Arek ngene iki lek dijarno ngko selot mayak, gak ngerti susahe wong tuwek golek duit...."
Ora iso mbelo anake, ora iso ngendek omelane bojone, Pak'e Tomin milih meneng. Tomin mung iso ndingkluk ora nyauri sak kecap, timbang selot ngamuk mak'e iku. Lagek ngenakno lek ngomeli anake moro-moro ono angin gedhe lewat. Mak'e Tomin langsung meneng, mrinding banjur ngajak bojone mulih.
"Gek muleh, nang ngisor pring koyok wong gak duwe omah ae," omonge Mak'e Tomin karo ndang-ndang ngaleh.
"Ngunu jare gak wedi," omonge Pak'e Tomin lirih.
Tomin ngetutno pak'e mak'e karo sik ndingkluk.
"Awas koen ngko nang omah," anceme mak'e karo mlaku.
"Awak," omonge Tomin karo krembuk-krembuk mlaku.