Bapak karo anak iku akhire meneng. Pak'e Tomin nerusno lek rokokan, mumpung iso. Tomin mbuka kancing klambine, ngisis karo glesotan. Ono sepuluh menit wong loro iku ora omong-omongan, mung ngenakno lek ngrasakno howo seger. Lagek enak-enak nyedot rokoke moro-moro saka pinggir matane Pak'e Tomin nangkep bayangane wong sing wis diapal. Wong lanang sing mau meneng anteng iku saiki ngomel-ngomel ora jelas nang anake sing plonga-plongo ora ngerti opo-opo iku.
"Ngunu yo, digoleki nang ndi-ndi tibake nang kene. Gak ngerti bojone bengak-bengok koyok wong edan ngoleki malah ngenakno ngisis nang ngisor pring."
Moro-moro mbuh saka endi parane Mak'e Tomin wis njebus karo ngomel-ngomel.
"Lah aku lho tas teko ae mak, takoni ki anakmu," omonge Pak'e Tomin, mbujuk.
"Koen, lapo nang kene? Yahmene kok wes muleh? Mbolos yo koen?"
Tomin sing kaget bingung lek nyauri akhire selot amba lek ngowoh. Mak'e Tomin sik ngomel-ngomel ndelok anake plonga-plongo. Pas ndelok bojone, matane nangkep barang cilik nang cepitan drijine bojone.
"Wou...tibake iki mau sampeyan rokokan? Wes bosen urip sampeyan pak?"
Pak'e Tomin sing saking kagete ndelok bojone lali ora ngguwak rokoke. Wong lanang iku cengar-cengir karo golek alasan.
"Iki guduk ka'anku mak," saure.
"Trus ka'ane sopo? Jin sing nunggu kali? Opo sing nunggu pring? Jin ndas ireng?"
"Hush, ati-ati lek ngomong mak. Onok temenan ngko tersinggung lho."