Masio ngroso aneh ning Diman seneng. Wong lanang iku budal adus terus dipijeti bojone. Jarang-jarang bojone sing kaya garangan iku gelem alus ngene.
"Pak," omonge Wiji karo mijeti bojone.
"Opo? Wou...ngerti aku, koen mesti njaluk tukokno kutang yo, tumben-tumben manis ngene."
"Gak yo. Gurung ngomong wis dituduh," omonge karo mrengut.
"He...he...he, lha biasane lak ngunu. Lek onok karepe ae manis-manis."
"Yo wes gak sido."
"Lah? Gak...gak, ngomongo wes. Lapo sih? Kate njaluk kutang opo daster yo oleh kok, pokok ben dino manis ngene aku yo seneng ae nukokno gombal."
"Gak njaluk gombal. Tapi ojo nesu lho ya," omonge Wiji karo mandeg lek mijeti.
"Ho oh, gak nesu. Sumpah wes. Ojo dimareni lek mijeti, sik loro kabeh awakku."
"Anu...iku mau pancinge puklek..."
Krungu omongane bojone, Diman sing mau mesam-mesem langsung menteleng matane. Pantes ae, batine. Ning wong lanang iku meneng ae, wis paham modele bojone. Wiji sik terus mijeti. Masio ora iso nyawang matane bojone ning Wiji paham lek bojone iku mesti lagi mikir.