Diman mbengok. Wong lanang sing wis merem iku ngaduh mergo awake disampluk lengene bojone.
"Gak melek gak turu umek ae," omonge Diman lirih karo ngelus-ngelus wetenge.
Bedo karo Diman sing lek kesel langsung pules turune, Wiji sewalike. Lek awake kesel kabeh, turu ora iso meneng. Diluk-diluk obah ae. Lek wis ngunu kadang Diman ngalahi turu ngarep tipi, timbang awake ajur disampluk sikil utawa tangane Wiji sing kaya debog iku.
"Pak, benakno pemeane. Puklek kae kayune," omonge Wiji isuk-isuk.
"Yo, ngko."
Engka-engko lek jenenge Diman yo mesti lali. Budal kerjo kaya biasane, pemehane ora dibenakno. Wiji sing wis kesel ngomongi akhire ndandani dewe.
"Sementara," omonge Wiji lirih, nang awake dewe.
Awan pas kate nontok jemuran,Wiji kaget. Klambine sing dipepe lugur kabeh. Polahe kayu sing digawe ganti puklek. Yo terang ae puklek, wong sing digawe ganti jemuran pancinge bojone sing kaet tuku winginane.
"Wou ciloko iki ngko. Iso diamuk bos'e," omonge Wiji bingung dewe.
Sore, mulih kerjo, Diman sing kate njajal pancing anyar bingung nggoleki.
"Mak, ngerti pancingku gak?"