"Wou lha lekmu neleh ndok ndi?" takone Wiji epok-epok ora eruh.
"Wingi tak teleh kene kok. Mosok dingge dolenan anakmu?"
"Yo embuh. Digoleki kono dhisik."
"Gak onok, wes tak goleki kaet mau. Sik anyar iku, larang sisan."
Sak sore Diman umek nggoleki pancinge. Anake yo ditakoni. Jelas arek cilik iku ora ngerti, wong ancen ora ndemok.
"Mangan sik, Pak, iki tak gawekno senenganmu," omonge Wiji karo mesam-mesem.
"Kok iso ilang yo, Mak? Perasaan kampung kene aman-aman ae."
"Lali neleh paling sampeyan, pikun ngunu biasane."
Diman meneng. Wong lanang iku terus mangan telap-telep. Sore iki Wiji masak sambel terong senengane. Mari mangan, Diman sing biasane dibengoki bojone kon adus, sore iki dijarno ae. Malah Wiji sing adus ndhisiki.
"Macak ayu kate nang ndi, Mak?" takone Diman.
"Lha aku ki ben dino lak ayu sih, sampeyan ae sing gak perhatian. Gak ndok ndi-ndi, ndok omah ae," omonge karo sik mesem. "Pijeti gak?" takone Wiji.