"Ora usah dicathet, Mbak! Praktek langsung ae," kandhane Mira. Tangane nggowo tempeh sing langsung dibrukno ndik ngarepe Pandan.  "Iki bahane jangan lodeh. Ana kacang, terong, tahu gembos. Bumbune brambang, bawang, lombok abang, kunir, miri, laos, tumbar, godhong salam, jeruk purut." Tangane  nuding siji-siji bahan sing ana ndik tempeh.
Mripate Pandan langsung wae kumepyar. Dheweke nggumun, lha wong arepe masak jangan lodeh terong wae kok bahane sakmene akehe.
"Lho, sik Mbak, ana sing lali. Iki, cikalan digawe santen." Mira nambahi klopo separo. Ana esem sethithik ing pucuking bibire, sajake puas ngunu dhelok mbakyune sing koyok kaget. "Hm, rasakno. Lak ora weruh to yen masak iku penggawean ribet?" batine Mira.
Biyen, Bapak, mbagi tugas gawe anake sing ana papat. Sing mbarep, Arga tugase nimba kanggo ngiseni jeding lan gentong. Sing nomer loro Pandan, tugase resik-resik omah, nyapu lan ngepel. Mira, sing nomer telu tugase isah-isah. Sing nomer papat, Donadoni, ora kebagiyan tugas amarga lahire pas telung wulan sakwise Bapak sedo.
Sakjeke Ibu repot njahit, Mira genti sing masak. Dene Pandan mlebu pawon yen arep njupuk panganan thok. Yen dikongkon ngrewangi masak ana ae alasane. Wedi kenekan lading, wedi panas, lan lya-liyane.
"Walah kok malah nglamun, Mbak. Gek ndang dicandak. Kacange dipritili, terong dionceki. Iki tak rewangi ngonceki brambang, bawang. Sampeyan kari ngguleg ae. Diwenehi uyah sek ben gampang nggulege." Mira aweh perintah.
Sakjane Pandan iki yo wegah manut perintahe adhike iku. Nanging pesene Mas Baskoro sing lagi sakwulan kepungkur dadi sisihane, mekso dheweke belajar masak marang adhike.
"Basuki ketrima kuliah ndik Yogja, dadi Ibu dhewekan nang omah. Mas seneng banget yen sampeyan gelem ngancani ibu," kandhane Baskoro, seminggu kepungkur.
Pandan sajak mikir-mikir, sakjane dheweke yo ora keberatan urip beberengan karo marotuwo. Omahe maratuwo gedhe, kamare akeh lan luwih cedhek karo panggonane ngajar. Lha biyen iku ketemune karo Baskoro yo mergo kesasar. Pandan sing nalika iku ketrima ngajar ndik SMP keliru mlebu. Kudune mlebu ing rumah dinas kepala sekolah malah mlebu nang omahe Baskoro sing ana ing sebelahe.
Nanging krungu-krungu urip bareng maratuwo iku jarene ngeri-ngeri sedhap. Ana paribasan kaya ancik-ancik pucuking eri.
"Tapi aku ora isa masak lo Mas."
"Yo belajar, dik. Â Jek ana waktu seminggu, sakdurunge awake dewe pindah mrono."
Pandan dadi jengkel. Biyen naliko isih pacaran Baskoro ora keberatan yen dheweke gak iso masak. "Aku golek bojo ora golek pembantu." Ngunu kandhane Baskoro. Saiki lha kok merintah belajar masak?
"Kelopone diparut, Mbak. Ati-ati marute, ojok disambi nglamun." Mira ngelungno parut. Pandan nyawang parut karo ngeri. Lha piye, parute kok sajake katon nggilap mencorong keno srengenge.
'Durung oleh separo, olehe marut, Pandan njerit. Drijine kena parut.
"Walah, nduk kok ndadak marut barang lo? Biasane Mira nggawe santan instan." Ibu merban drijine Pandan.
"Ibune Mas Baskoro gak kerso santan instan, Bu. Kudu alami ben gak alergi," saute Mira karo ngempet ngguyu. Atine seneng amerga iso ngerjain mbakyune.
"Walah, nguleg bumbu barang?" Ibune alok karo ngempet ngguyu. "Belajar masak karo ibu wae. Kowe dikerjain karo adhikmu."
Pandan mebedhodhog atine. Pegel tenan karo Mira.
"Masak ki gampang. Angger ana bawang, brambang, uyah, karo micin. Lek pengin nggawe kare yo kari nambahi kunir, miri,jahe. Lek pengin nggawe rawon kari nambah kluwek. Lek nggawe sambel goreng tambahi lombok abang, lombok cilik, tergantung pedes orane."
"Diuleg?"
"Lek kuat tangane yo diuleg. Bumbu ulegan iku luwih enak, mirasa soale ana sedhep-sedhepane tangan. Diblender yo gak papa."
Pandan manthuk-mantuhuk, wes mari olehe nyebule drijine sing kena parut.
"Ana sing luwih praktis maneh, gak usah ngracik, gak usah oncek-oncek opomaneh nguleg." Ibu mbuka lemari terus ngetokno plastik sing ana tulisane bumbu. "Ikiloh ibu mesti tuku gae stok."
Pandan pancen ora tau mbukaki lemari ndik pawon. Ana bumbu soto, bumbu kare, bumbu rawon, bumbu sop karo bumbu lodheh ya ana. Lapo mau iku kok repot ngonceki sampe nguleg barang? Mira iki jian, kok.
"Iki santen instan ya ana, ana sing bubuk ya ana sing cair."
"Kira-kira ibune Mas Baskoro kerso opo ora yo Bu?" Pandan ragu-ragu.
"Lha piye maneh, wes jamane kaya saiki iki Nduk. Biyen ibu sekolah ki mlaku lha wong gak duwe sepeda, angkot yo durung ana. Saiki, delengen lak ora ana arek budhal sekolah mlaku, paling apes yo numpak angkot utawa ngojek."
Sakwulan ndik omahe maratuwa, Pandan nyaman ae. Adoh saka prasangkane, ibu maratuwo sabar lan asyik ae. Ibune iku ora tau kongkonan Pandan masak, lha wong piyambake seneng masak. Pandan yo ora nyapu utowo ngepel, saben rong dino pisan ana Cak Sukri sing mara perlu resik-resik omah.
Nanging jenenge wong tuwo iki mesti lak ana kesele.
"Mbak, ibu kok kroso ngelu ya. Maeng aku wes blonjo ana bayam karo tempe. Coba masaken jangan kunci ae, tempene digoreng dipenyetno sambel, Baskoro seneng wes."
"Ngge, Bu!"
Kok yo kebeneran dina Ahad, dadi Pandan iso praktek masak. Yo idhep-idhep membuktikanlek dheweke iki mantu idaman ngunu.
"Iso, Dik?" takone Baskoro
"Isolah, mek jangan bayam thok 'kan. Mas sido mancing?"
"Iyo, dik, lumayan mengko lek entuk iwak iso gae tambah lawuh. Jangan kunci, sambel tempe penyet tambah iwak kali, Wah enak!"
Pandan sibuk ndik pawon. Iki pertama kaline dheweke masak ndik omah kene. Wingi-wingi sih yo mlebu pawon saperlu ngrewangi metiki janganan karo isah-isah.
Banyu dijereng ndik kmpor, sambi ngonceki bawang, brambang. Sayurane yo wes dipritile banjur diumbah. Pas banyu umeb , bawang, brambang dicemplungno banjur sayurane. Ora usah suwe-suwe mundhak ilan vitamine, Pas diicipi, kurang asin. Tambah uyah.Kurang sedhep, Tambah micin. Nanging rasane kok ora podho koyo sing biasane dimasak Ibu. Apa yo sing kurang?
Oh. Iya. Ibu mau lak ngendikan jangan kunci. Artine kurang kunci. Sek to, bener ta kunci iku iso dimasak? Ah ya bayam lak mengandung vitaman lan zat besi, dadi ditambah kunci ben tambah strong zat besine.
Pandan njupuk kunci lawang dapur. Diumbah resik banjur dilebokno ndik panci sing kemebul. Diudek-udek banjur diicipi. Rasane kok aneh yo?
Pandan sakjane arep takon nang ibu maratuwone, nanging pas liwat kamar , maratuwone sajake keturon. Arep takon Mira, dheweke sumelang mengko gek dikerjain maneh karo arek itu. Dheweke njupuk hp arek telpon ibune. Ora ana sahutan mungkin ibune lagi sibuk njahit.
Apa kuncine kurang akeh yo? Pandan njupuk kunci sing nyantol ndik bupet. Ana kunci sakombyok ndik kono. Bayeme ana telung unting, dadi kuncine yo kudu akeh.
Pandan jek durung ngerti kurange ndik endi. Duduh bayem dadi abang lan rasane tambah aneh.
"Wes mateng, Dik?' Ujug-ujug Baskoro teka langsung nuju dapur.
"Lho, kok wes bali Mas? Gak sido mancinge?"
"Gak sido, arek-arek gak ana sing teka. Padha turu sajake kesel mari lembur wingi."
"Kene , Mas, coba ta icipono, rasane kok aneh yo jangan iki." Pandan ngawe Baskoro karo menehi sendok.
Baskoro  njupuk duduh sethithik terus ngicipi. Durung sampai dielek, Byur. Duduh disembur.
"Bumbune opo, dik?" Dhewke ngudek-ngudek ndelok isine duduh jangan.
"Kunci ndik dhuwur bupet Mas, 'kan dhawuhe Ibu jangan kunci."
"Ya Allah, Gusti Pangeran, Bojo lek  berbakti iku yo ngene iki. Masakno bojone jangan kunci, bojene ben dadi sakti mandraguna. Iso dadi Gatotkaca aku dik, balung kawat otot besi."
Baskoro njupuk gombal, panci dicekel cek terus dibuang nang mburi pawon.
Pandan isih deleg-deleg. Salahku opo Mas?
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI