"Lek kuat tangane yo diuleg. Bumbu ulegan iku luwih enak, mirasa soale ana sedhep-sedhepane tangan. Diblender yo gak papa."
Pandan manthuk-mantuhuk, wes mari olehe nyebule drijine sing kena parut.
"Ana sing luwih praktis maneh, gak usah ngracik, gak usah oncek-oncek opomaneh nguleg." Ibu mbuka lemari terus ngetokno plastik sing ana tulisane bumbu. "Ikiloh ibu mesti tuku gae stok."
Pandan pancen ora tau mbukaki lemari ndik pawon. Ana bumbu soto, bumbu kare, bumbu rawon, bumbu sop karo bumbu lodheh ya ana. Lapo mau iku kok repot ngonceki sampe nguleg barang? Mira iki jian, kok.
"Iki santen instan ya ana, ana sing bubuk ya ana sing cair."
"Kira-kira ibune Mas Baskoro kerso opo ora yo Bu?" Pandan ragu-ragu.
"Lha piye maneh, wes jamane kaya saiki iki Nduk. Biyen ibu sekolah ki mlaku lha wong gak duwe sepeda, angkot yo durung ana. Saiki, delengen lak ora ana arek budhal sekolah mlaku, paling apes yo numpak angkot utawa ngojek."
Sakwulan ndik omahe maratuwa, Pandan nyaman ae. Adoh saka prasangkane, ibu maratuwo sabar lan asyik ae. Ibune iku ora tau kongkonan Pandan masak, lha wong piyambake seneng masak. Pandan yo ora nyapu utowo ngepel, saben rong dino pisan ana Cak Sukri sing mara perlu resik-resik omah.
Nanging jenenge wong tuwo iki mesti lak ana kesele.
"Mbak, ibu kok kroso ngelu ya. Maeng aku wes blonjo ana bayam karo tempe. Coba masaken jangan kunci ae, tempene digoreng dipenyetno sambel, Baskoro seneng wes."
"Ngge, Bu!"