"Tapi aku ora isa masak lo Mas."
"Yo belajar, dik. Â Jek ana waktu seminggu, sakdurunge awake dewe pindah mrono."
Pandan dadi jengkel. Biyen naliko isih pacaran Baskoro ora keberatan yen dheweke gak iso masak. "Aku golek bojo ora golek pembantu." Ngunu kandhane Baskoro. Saiki lha kok merintah belajar masak?
"Kelopone diparut, Mbak. Ati-ati marute, ojok disambi nglamun." Mira ngelungno parut. Pandan nyawang parut karo ngeri. Lha piye, parute kok sajake katon nggilap mencorong keno srengenge.
'Durung oleh separo, olehe marut, Pandan njerit. Drijine kena parut.
"Walah, nduk kok ndadak marut barang lo? Biasane Mira nggawe santan instan." Ibu merban drijine Pandan.
"Ibune Mas Baskoro gak kerso santan instan, Bu. Kudu alami ben gak alergi," saute Mira karo ngempet ngguyu. Atine seneng amerga iso ngerjain mbakyune.
"Walah, nguleg bumbu barang?" Ibune alok karo ngempet ngguyu. "Belajar masak karo ibu wae. Kowe dikerjain karo adhikmu."
Pandan mebedhodhog atine. Pegel tenan karo Mira.
"Masak ki gampang. Angger ana bawang, brambang, uyah, karo micin. Lek pengin nggawe kare yo kari nambahi kunir, miri,jahe. Lek pengin nggawe rawon kari nambah kluwek. Lek nggawe sambel goreng tambahi lombok abang, lombok cilik, tergantung pedes orane."
"Diuleg?"