Kedadeyan iki wes suwe banget. Aku isih kelas lima SD. Nalika iku riyaya kupat, kabeh keluarga ngumpul ndik omahe Simbah. Putrane Simbah ana lima, sing wes omah-omah ana telu. Ibuku mbarepe, banjur Bulik Lastri lan Bulik Parti. Aku putu mbarebe Simbah, adikku loro, adhik sepupu ana pitu. Akeh  yo. Durung putu sing saka Paklik Mur sing nembe wae dadi manten lan Paklik Dar sing durung omah-omah tapi wes duwe pacar.
Nalika iku Paklik Yadi garwane Bulik Lastri ngasta iwak saka Sendangbiru. Ana iwak cilik-cilik sing biasa gawe sarden, ana uga iwak tuna sing gedhene sakkentol-kentol. Mumpung padha ngumpul, iwake diolah. Iwak cilik-cilik dibumbu sarden sing akeh tomate nanging ora pedhes. Iwak tuna dibakar digandengi sambel karo lalapan. Enak! Aku wae maem sampe imbuh ping telu.
Mung Paklik Dar sing susah. Dheweke mulai isuk wes metu tekan ngomah mbuh nang ngendi amarga sirahe mumet mambu iwak. Paklik sing rambute kriwul iku ora kersa dhahar iwak. Senengane mung iwak tempe, iwak tahu uga iwak krupuk. Aja maneh dhahar iwak laut, kena ambune wae kipat-kipat.
Wayah bengi, bakda Isya', Paklik Dar kondur. Kayake dheweke luwe, katon tekan anggonku ndeleng TV, dheweke ndeloki meja makan. Weh, mesakne ora ana iwak sing disenengi.
"Rin, kowe iso nggoreng sega?" pitakone marang aku.
"Nggoreng sego mboten nate Paklik. Yen nggoreng tempe nopo tahu kula saget."
"Yo, pada wae. Gelem po ora mengko tak silihi laptop, isine game akeh."
Krungu arep disilihi laptop, aku langsung semangat. "Woke, siap Boss!"
Paklik  ngelungno sego sakpiring karo minyak goreng gelasan. "Minyake gae iki wae, wajane tak centelke nduwur  korahan. Aku moh mambu iwak." Paklik nutupi irunge.
Kompor tak sumet, banjur ngentepke wajan khusus duweke Paklik Dar. Oala, ora doyan iwak kok nyusahake wong yo. Minyak goreng tak suntek kabeh, ngenteni panas banjur segone tak cemplungno.