Papagane ora kemaha, wingi nalikane inyong agep met godhong dhadhap neng wetan umahe Nini Carem. Nembeke baen ngidek latar, ndilalah lawange ngarep mbukak. Dheg! Inyong mandheg, kamitenggengen. Wong wadon sing metu sekang umahe Nini Carem kuwe jebule megin marakena jantunge inyong dheg-dhegan. Siti!
Inyong mandheg Siti ya mandheg. Pandeng-pandengan sedhela, karo meneng iya. Inyong megin nyawang, ngkana wis ndhengkluk. Mbuh merga ora wani mbuh merga ora gelem adu arep. Senajan mung sedhela, seklebatan katon genah srengate. Kayane Siti megin nyimpen kabeh sing wis keliwat. Ora kabeh ilang sekang atine. Ndhengkluke kuwe mbok menawa kepengin ngumpetna gugupe batin sing kelair neng sorote mripat.
Weruh Siti mandheg ndhengkluk ora gagian mlaku, inyong wani mbedhek angger dheweke rikuh lan bingung. Rikuh agep liwat baen ora takon ya kepriwe, agep takon ya bingung kepriwe nggulih ndhisiti. Mulane inyong sing ndhisiti omong. Mbari mereki dheweke.
"Ko? Nguja apa? Wis suwe?"
Siti mung anthuk. Megin ndhengkluk.
"Slamet waras baen mbok kabehan agi? Kon mbregodog sapa? Mboke apa bapane? Apa malah ko?" inyong takon maning. Nini Carem pancen cokan dejaluki tulung kon mbregodog dening wong-wong kenean.
"Mboke." semaure mung-mungan, meh ora krungu. Lirih pisan.
"Ora agi lara mbok? Inyong suwe ora liwat aring kana nggunung."
"Ora. Mung kepengin debregodog kaya biasane."
Inyong bingung arep takon apa maning. Pancen ya babarblas ora ngira agep ketemu karo Siti. Inyong amleng ngkana ya meneng. Madan suwe wong loro ngadeg ngayer-ayer meneng-menengan. Prawan ireng manis sing megin ndhengkluk kuwe ora ngreti angger inyong laten ngematna dheweke.
***
Siti kuwe unting-untinge Pak Sadam, tukang nggulani sing nderes dhewek. Nderese sedinane ora kurang sekang 30 wit, esuk sore. Pak Sadam nderes, bojone sing nggulani. Gula jawa gaweyane Pak Sadam kuwe wis kondhang gula jawa sing asli lan murni, ora deobat gula lan ora decampuri rupa-rupa sing tujuwane nggo nambahi bobot lan akehe gula. Angger tukang nggulani liyane pada nganggo obat gula weton pabrik nggo laru badheg, Pak Sadam megin cara jawahan baen sing binahe sekang kulit manggis garing lan apu. Tau inyong takon deneng ora kaya tukang nggulani liyane padha nyemplungna kayadene boled, munthul, jrangking lan liya-liyane mbuh apa sing ora? Pak Sadam semaure gamblang lan kepenak pisan, “Ora kepengin. Wong pahal kuwe dalan pangan, angger dalan pangane baen wis dejuligi ya mengko-mengkone kasile ora bakal dadi daging, mung dadi tai.”
Siti saben dinane ya ngrewangi biyunge lan ngemek pegaweyan umahan liyane kayadene rawat latar. Ya merga tau weruh Siti agi rawat latar kuwe inyong dadi ngreti jebule ana sing bening neng nggunung kana. Inyong dadi sregep lan mesthi cem los angger deprentah mboke tukoni gedhang neng dhukuh nggunung. Ora deprentah ya mangkat baen, apen-apene ya niliki gedhange mbuh sapa. Karepe ya genah kur kepengin weruh Siti agi rawat latar. Sapa ngreti teyeng wawuhan? Sapa ngreti laten deampirna? Sapa ngreti laten dadi tresna, sapa ngreti mbok…?
Temenan. Sewijining sore inyong liwat mbari manggul gedang ambon gading setundun gedhe. Dalan sing temurun ngarep umahe Siti kuwe jane ya ora patiya marakena kesel. Ningen weruh Siti agi nyirami kembang ora rawat latar kaya adate, inyong tek wanek-wanekna mandheg lan aruh-aruh.
“Mbak, pangapuntene nggih? Nuwun sewu kula kepengin nyuwun toya sekedhik ngge nelesi niki gulu kula sing garing.” Pancen ngelak banget inyonge lan ujarku kiye wektu sing pas nggo wawuhan karo dheweke.
Bocahe kur nyawang sedhela aring inyong lan nglirik aring gedhang ambon gading sing wis tek dhunna. Ndeyan ya madan gumun, manggul gedhang setundun baen mentakan temen marakena ngelak. Ningen bocahe sidane ya anthuk lan gagiyan mlebu ngumah. Ora let suwe wis metu maning mbari ngulungna wedang teh segelas.
“Niki, Mas.” Semendhing pisan omonge, mbari ndhengkluk. Ndeyan ya pancen bocah isinan.
Gagiyan baen tek inum wedang teh kuwe. Jan, tehe pait jebule. “Kesuwun pisan, Mbak. Seger temenan niki. Mboten agi rawat latar, Mbak?”
“Sampun wau.” Semaure mung-mungan. Nampani gelas suwung mbari ndhengkluk.
“Kembange apik-apik, yah. Kuwe Bougenville koh katone gemrining pisan. Ana sing godhonge abang, jambon, putih, wungu terong. Maen yakin. Ngkono sing nandur dhewek apa, Mbak?” Inyong sengaja miwiti ora basa. Angger ngkana murina ora debasani ya brarti dudu bocah sedrehana.
“Nggih, Mas.” Megin mung-mungan semaure. Ndhengkluke ajeg.
“Aja basa, lah karo inyong. O, iya, Mbak. Dewawuhna ya, inyong Dali. Cokan tukoni gedhang neng nggunung kene, mulane sering liwat metung dalan kiye.” Inyong ngulungna tangan aseng salaman.
Bocahe megin ndhengkluk ningen semune koh mbari nglirik. “Kula Siti.” Lirih pisan swarane.
Kayane pancen bocah isinan. Angger inyong kesuwen lan kedawan nggulih ngomong mbok malah ngkana, Siti, dadi tambah isin. Iya angger kur isin thok, angger malah dadi sebel lan ngarani inyong nyrinyis? Mulane inyong gagian baen pamitan.
“Kesuwun pisan kuwe ya wedange, Mbak Siti. Inyong tek terus dhisit. Kae langite wis meh sendhekala.”
“Nggih, Mas.”
“Aja basa, koh. Kapan-kapan angger inyong mampir maning mawia basa, ya? Aja nyeluk Mas, Kang baen. Ya?”
Siti kur anthuk. Dheweke gagian mlebu ngumah, ora ngenteni inyong metu sing latare.
***
Mbareng wis wawuh ngkana Siti inyong Dali, inyong dadi sering mampir. Siti wis gelem lan kulina ora basa aring inyong. Senajan omonge megin semendhingan, ningen sekang srengate kayane dheweke ora kabotan angger inyong mampir, mbuh pas mangkate mbuh pas baline sekang nggolet gedhang. Mampire ya paling kur andon jagongan neng ngisor wit jambu air ngarep umahe. Angger agi jagongan wong loroan, inyong cokan ngulati dheweke sing ndhengkluk nyekeli gagang sapuada.
Peraupane sing ireng manis kuwe mbetahi banget angger desawang. Irunge cilik mbangir, mripat ireng bening neng ngisor alise sing jlanthir kandel. Tajem polatane. Awak-awakane sedheng, ora gering ora lemu. Rambute ireng menges dawa tur dekepang siji. Dhasar bocahe ya katone wegig nggulih ngrumat awak lan penyandange. Ujare inyong ya Siti kuwe sarwa-sarwine apik kabeh. Merak ati lah pokoke. Angger cara pedhalangane ya kurang candra lewih rupa. Marakena katonen mindeng aring lelewane.
Saben mampir inyong mung andon kandhah. Kandhah apa baen, sing penting dadi teyeng suwe nyanding ireng manise Siti. Siti, sing akehe ya mung meneng baen, cokan sewot angger krasa agi dedelengna. Peraupane deprengutna laten mlinge. Angger kaya kuwe rambut kepange tek dhedheti. Mesthi dadi nylinguke, ngatona kesuhe laten nyiwit tangane inyong. “Rika, leh..apa nin.." mrengut maning, mlinge maning.
Ningen inyong ngreti Siti jengkele ora temenanan. Buktine dheweke megin gelem ngrungokna inyong ngecebres. Kon kira ilang mrengute, inyong cokan kandhah guyonan sing marakena dheweke ora kuwat ngumpetna eseme. Kepeksane kudu ngguyu, tangane sing katon ringkih kae mesthi gagian nutupi untune sing putih cilik dharik-dharik. Angger Siti wis gelem ngguyu, inyong nyambung kandhah liyane maning. Nyambi ngulati ireng manise maning. Siti krasa, mrengut maning. Angger mlinge ya kepange tek dhedheti maning. Ningen ya kaya kuwe, ora jengkel temenan ora. Paling ya kur ngucap, “Hiiihh..apa, nin..”
Kayane wong tuwane ya wis ngreti angger inyong sering mampir nemoni Siti neng ngisore wit jambu air. Malah sewijining sore sing deres udane, biyunge Siti ngampirna inyong lan kon garang neng pereke pawon gula. Nggo tamba atis jerene. Neng kono kuwe inyong teyeng dopokan karo Pak Sadam bapane Siti. Mulane inyong dadi ngreti kenangapa gula jawane Pak Sadam ngasi kondhang lan regane larang semendhing timbang gula jawa umume. Mbareng kandhah ngalor ngidul, jebule Pak Sadam ya ngreti aring inyonge uga mboke inyong sing pancen randha pegatan. Malah mbareng udane rereb, pas pamitan inyong degawani gula jere kena nggo pranti olah-olah neng mboke inyong. Mbok menawa pancen Pak Sadam ngreti angger kabeh kebutuhan pedangane mboke inyong kuwe ya mung ngendelna aring kasabane inyong adol tukoni gedhang. Ningen apa Pak Sadam uga wis ngreti angger inyong ana karepe nggulih cokan mampir nemoni Siti?
Maju dina dadi kulina. Rumangsaku Siti wis ngreti apa karepe inyong nguja sering mampir sering-sering. Ora let suwe inyong wani mbabarna tresna. Siti katone ora patiya kaget krungu karepe inyong, senajan dheweke laten ndhengkluk ora gagian semaur. Inyong meneng, deg-degan ngenteni wangsulane. Tek deleng Siti ora mlinge, mbok menawa mripate ndeyan ya mlirik semending aring inyong.
Inyong ora sranta. Ana rasa wedi mbokan karepe inyong ora ketampa dening Siti. Mulane inyong laten njejeri karo ngucap, “Kepriwe, Ti? Ko gelem nampa apora?"
Siti urung gelem semaur. Ndhengkluk, tangane tengen ngelus-elus epek-epekan kiwe. Nyawang inyong sedhela, karo mesem semending pisan, dheweke menyat laten mlaku aring wetan umah. Sapuadane kelalen ora decangking. Meneng baen. Ngiyani ya ora, gedheg ya ora. Mesthi baen inyong dadi bingung.
Siti tek udag. Tek candhak tangane. “Ti, ko jengkel yah? Inyong ora maksa ikih ko kudu nampa tresnaku. Inyong tah kur kepengin ngetokna isen-isene atiku. Mbok ora dadi legane atimu, ya pangampurane. Ngesuk-ngesuk inyong arep ora mampir maning ngriwuki ko."
Siti mberod. Sedurunge mlebu aring ngumah dheweke megin kober ngamuk tangane inyong. Inyong nglegeg. Batine inyong bingung, “Brarti salah kiye inyong. Ujarku leh Siti seneng angger inyong dolan ngeneh. Dhuh!...”
Rasane mbuh kaya ngapa. Ana isin, ana gela. Gela pisan yakin. Apa selawase kiye Siti mung mbombong atine inyong thok? Apa babarblas ora duwe rasa semending-mendinga? Apa temenan mengko-mengkone inyong ora bakal mampir maning angger aring nggunung? Ora bakal maning nyanding Siti sing ireng manis kae? Dhuh!
Inyong kepengin gagian lunga. Siti urung gedug lawang. “Ti, inyong bali.”
Ora ngenteni desemauri, inyong mlaku alon metu sekang latar. Nembe baen gedug ngisor wit jambu air, krungu swarane Siti seru. “Ngesuk aja kesoren ngulih mampir!”
Dheg! Inyong gagian mbalik, marani Siti. “Ti, mangsude...?”
Siti malah menjep. Tangane malah ngurak-urak. “Hmmm..wong bodho. Nganah gagian bali, koh. Ngesuk mawia kesoren angger mampir. Awas angger ora manut!”
Dhasss! Jebule inyong sing pancen bodho temenan. Ngendi ana wong wadon blag-blagan kaya wong lanang angger ngomongna dhemen tresna? Ningen jan pancen marakena deg-degan pisan koh carane Siti nggulih mangsuli.
***
“Wis suwe apa tekane, ko? Ngeneh mblebu aja neng njaba baen. Karo ko sisan ngeneh, Ti!" krungu swarane Nini Carem mbareng weruh ana inyong neng latare.
“Iya, Ni, kesuwun. Inyong mung agep njaluk godhong dhadhap.” Inyong semaur kambi ngulati Siti sing megin ndengkluk.
Krungu semaure inyong, Siti mrekabak. Nyawang inyong sedhela, dheweke laten gagian baen mlaku metu sekang latar. Ora pamitan acan.
Inyong nglegeg. Seklebatan mau katon ana luh neng mripate Siti. Kayane Siti ora kepengin inyong weruh dheweke mrebesmili, apamaning nangis.
“Ko sih bocah apa arane? Ora melas aring wong wadon.” Nini Carem njejeri inyong.
“Lah, sih kepriwe, Ni? Ora melas kepriwe mangsude?” Inyong bingung debendok kaya kuwe.
“Dongen tolih miki aja ngomong agep njaluk godhong dhadhap. Si Siti ya dadi perasaan kaeh. Kae bocah tolih mbuh kaya ngapa senenge aring ko. Seprene urung gelem kelalen karo ko. Ora idhep ntolol temen ko! Munu-munu ya bapamu. Karsad bapamu sing marakena Si Siti ora kelakon dadi bojomu. Wis kanganah gagian, godhong dhadhape mbok agi deenteni!”
Krungu omonge Nini Carem sing akeh pisan kuwe inyong gagian mlayu aring dalan. Siti wis adoh, mlakune gencang pisan. Kayane bener, omongane inyong wis gawe gelane Siti. Siti sing ora sida dadi bojone inyong.
Pacaran selawas-lawas, saben dolan nganah inyong ora tau menangi ulate bapane Siti katon padhang, senajana ya ora tau blag-blagan ngatonna ora senenge aring inyong. Gedug neng dina bapane inyong teka goteki. Kanti alus-alusan, lamarane bapane inyong ora detampa. Alesane jere etungan wetone inyong karo Siti ora apik, gotong kliwon. Ora bisa derempug, pacaran selawas-lawas karo Siti mung nemu cabar.
Ningen manut omonge Nini Carem, inyong ngreti jane dudu plekara gotong kliwon sing misahna inyong karo Siti. Sebenere, bapane inyong sing marakena. Bapane Siti ora kepengin anakke mbesuk dadi randha. Ujare bapane Siti, anak ya tiru bapa. Bapane Siti wedi mbok inyong tiron kaya bapane inyong. Mbojo ora betah suwe, laten pegatan. Mbojo maning, pegatan. Biyunge inyong kuwe bojone bapane sing kepapat, baen ya wis pegatan karo bapane. Dadi ya patut angger bapane Siti dadi wedi wayangan. Tapi apa iya inyong ya agep tiru bapa?
Siti wis ora katon. Layung neng langit kulon wis meh ilang. Inyong nglegeg. Ora kemutan kudu gagiyan met godhong dhadhap nggo ngedusi anakke inyong sing nembe lair seminggu wingi. [Tutug]
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H