Kayane wong tuwane ya wis ngreti angger inyong sering mampir nemoni Siti neng ngisore wit jambu air. Malah sewijining sore sing deres udane, biyunge Siti ngampirna inyong lan kon garang neng pereke pawon gula. Nggo tamba atis jerene. Neng kono kuwe inyong teyeng dopokan karo Pak Sadam bapane Siti. Mulane inyong dadi ngreti kenangapa gula jawane Pak Sadam ngasi kondhang lan regane larang semendhing timbang gula jawa umume. Mbareng kandhah ngalor ngidul, jebule Pak Sadam ya ngreti aring inyonge uga mboke inyong sing pancen randha pegatan. Malah mbareng udane rereb, pas pamitan inyong degawani gula jere kena nggo pranti olah-olah neng mboke inyong. Mbok menawa pancen Pak Sadam ngreti angger kabeh kebutuhan pedangane mboke inyong kuwe ya mung ngendelna aring kasabane inyong adol tukoni gedhang. Ningen apa Pak Sadam uga wis ngreti angger inyong ana karepe nggulih cokan mampir nemoni Siti?
Maju dina dadi kulina. Rumangsaku Siti wis ngreti apa karepe inyong nguja sering mampir sering-sering. Ora let suwe inyong wani mbabarna tresna. Siti katone ora patiya kaget krungu karepe inyong, senajan dheweke laten ndhengkluk ora gagian semaur. Inyong meneng, deg-degan ngenteni wangsulane. Tek deleng Siti ora mlinge, mbok menawa mripate ndeyan ya mlirik semending aring inyong.
Inyong ora sranta. Ana rasa wedi mbokan karepe inyong ora ketampa dening Siti. Mulane inyong laten njejeri karo ngucap, “Kepriwe, Ti? Ko gelem nampa apora?"
Siti urung gelem semaur. Ndhengkluk, tangane tengen ngelus-elus epek-epekan kiwe. Nyawang inyong sedhela, karo mesem semending pisan, dheweke menyat laten mlaku aring wetan umah. Sapuadane kelalen ora decangking. Meneng baen. Ngiyani ya ora, gedheg ya ora. Mesthi baen inyong dadi bingung.
Siti tek udag. Tek candhak tangane. “Ti, ko jengkel yah? Inyong ora maksa ikih ko kudu nampa tresnaku. Inyong tah kur kepengin ngetokna isen-isene atiku. Mbok ora dadi legane atimu, ya pangampurane. Ngesuk-ngesuk inyong arep ora mampir maning ngriwuki ko."
Siti mberod. Sedurunge mlebu aring ngumah dheweke megin kober ngamuk tangane inyong. Inyong nglegeg. Batine inyong bingung, “Brarti salah kiye inyong. Ujarku leh Siti seneng angger inyong dolan ngeneh. Dhuh!...”
Rasane mbuh kaya ngapa. Ana isin, ana gela. Gela pisan yakin. Apa selawase kiye Siti mung mbombong atine inyong thok? Apa babarblas ora duwe rasa semending-mendinga? Apa temenan mengko-mengkone inyong ora bakal mampir maning angger aring nggunung? Ora bakal maning nyanding Siti sing ireng manis kae? Dhuh!
Inyong kepengin gagian lunga. Siti urung gedug lawang. “Ti, inyong bali.”
Ora ngenteni desemauri, inyong mlaku alon metu sekang latar. Nembe baen gedug ngisor wit jambu air, krungu swarane Siti seru. “Ngesuk aja kesoren ngulih mampir!”
Dheg! Inyong gagian mbalik, marani Siti. “Ti, mangsude...?”
Siti malah menjep. Tangane malah ngurak-urak. “Hmmm..wong bodho. Nganah gagian bali, koh. Ngesuk mawia kesoren angger mampir. Awas angger ora manut!”