Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Siti

6 Februari 2012   18:36 Diperbarui: 25 Juni 2015   19:59 621
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Bocahe megin ndhengkluk ningen semune koh mbari nglirik. “Kula Siti.” Lirih pisan swarane.

Kayane pancen bocah isinan. Angger inyong kesuwen lan kedawan nggulih ngomong mbok malah ngkana, Siti, dadi tambah isin. Iya angger kur isin thok, angger malah dadi sebel lan ngarani inyong nyrinyis? Mulane inyong gagian baen pamitan.

“Kesuwun pisan kuwe ya wedange, Mbak Siti. Inyong tek terus dhisit. Kae langite wis meh sendhekala.”

“Nggih, Mas.”

“Aja basa, koh. Kapan-kapan angger inyong mampir maning mawia basa, ya? Aja nyeluk Mas, Kang baen. Ya?”

Siti kur anthuk. Dheweke gagian mlebu ngumah, ora ngenteni inyong metu sing latare.

***

Mbareng wis wawuh ngkana Siti inyong Dali, inyong dadi sering mampir. Siti wis gelem lan kulina ora basa aring inyong. Senajan omonge megin semendhingan, ningen sekang srengate kayane dheweke ora kabotan angger inyong mampir, mbuh pas mangkate mbuh pas baline sekang nggolet gedhang. Mampire ya paling kur andon jagongan neng ngisor wit jambu air ngarep umahe. Angger agi jagongan wong loroan, inyong cokan ngulati dheweke sing ndhengkluk nyekeli gagang sapuada.

Peraupane sing ireng manis kuwe mbetahi banget angger desawang. Irunge  cilik mbangir, mripat ireng bening neng ngisor alise sing jlanthir kandel. Tajem polatane. Awak-awakane sedheng, ora gering ora lemu. Rambute ireng menges dawa tur dekepang siji. Dhasar bocahe ya katone wegig nggulih ngrumat awak lan penyandange. Ujare inyong ya Siti kuwe sarwa-sarwine apik kabeh. Merak ati lah pokoke. Angger cara pedhalangane ya kurang candra lewih rupa. Marakena katonen mindeng aring lelewane.

Saben mampir inyong mung andon kandhah. Kandhah apa baen, sing penting dadi teyeng suwe nyanding ireng manise Siti. Siti, sing akehe ya mung meneng baen, cokan sewot angger krasa agi dedelengna. Peraupane deprengutna laten mlinge. Angger kaya kuwe rambut kepange tek dhedheti. Mesthi dadi nylinguke, ngatona kesuhe laten nyiwit tangane inyong. “Rika, leh..apa nin.." mrengut maning, mlinge maning.

Ningen inyong ngreti Siti jengkele ora temenanan. Buktine dheweke megin gelem ngrungokna inyong ngecebres. Kon kira ilang mrengute, inyong cokan kandhah guyonan sing marakena dheweke ora kuwat ngumpetna eseme. Kepeksane kudu ngguyu, tangane sing katon ringkih kae mesthi gagian nutupi untune sing putih cilik dharik-dharik. Angger Siti wis gelem ngguyu, inyong nyambung kandhah liyane maning. Nyambi ngulati ireng manise maning. Siti krasa, mrengut maning. Angger mlinge ya kepange tek dhedheti maning. Ningen ya kaya kuwe, ora jengkel temenan ora. Paling ya kur ngucap, “Hiiihh..apa, nin..”

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun