Mohon tunggu...
Khoeri Abdul Muid
Khoeri Abdul Muid Mohon Tunggu... Administrasi - Infobesia

REKTOR sanggar literasi CSP [Cah_Sor_Pring]. REDAKTUR Penerbit dan mitra jurnal ilmiah terakreditasi SINTA: Media Didaktik Indonesia [MDI]. E-mail: bagusabdi68@yahoo.co.id atau khoeriabdul2006@gmail.com HP 081326649770

Selanjutnya

Tutup

Cerbung

Damar Jati - 7: Sangkan Paran

12 Desember 2024   20:13 Diperbarui: 12 Desember 2024   20:13 28
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
ilustrasi Damar Sejati -- 7: Sangkan Paran. dokpri

Dening: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono

Nuju sawijining bengi wancine padhang rembulan. Nganti wayah tengah wengi Sahid ora bisa turu. Klisikan. Pikire nglambrang digawa nglembara gagasan kang tanpa juntrung. Kang cetha, uripe mula wis dianggo dolanan nasib. Satemene ala lan apik kuwi mula saka Kang Maha Kuwasa. Suprandene dadi ala utawa apik, kari gumantung marang menungsane.

Ing palagan perang dhek emben kae Sahid kena gegaman nganti semaput. Dheweke wis ketaton nganti dhowak-dhowak bau tengene. Tangan kang diejipake kanggo mateni mungsuh. Tangan kang diarep-arep bisa nggawa bali kamenangan. Nanging, bareng wis sadhar lan arep sumusul bali neng pakuwon prajurit Serang ketemune malah kesasar-sasar lakune. Engga tumeka neng desa Gabus. Begja dene entuk pitulungan saka brayate Kyai Wenang. Saiki Sahid ganti diadhepake marang perkara kang ruwet. Hhh. Nawangsih. Wanita kang dijagakake bisa kanggo gondhelan, tetela jebul wis ana sing duwe. Wis dilamar Wulagang. Apa kelakon dheweke dadi kemladheyan katresnan? Huh, dosa. Dosa gedhe!

          Mula saka kuwi murih ora sumpeg pikire, Sahid banjur klunuh-klunuh metu saka senthong. Nggelar lampit saka papah resula neng tengah latar kanggo lungguhan. Risedhenge ing angkasa sang candra kawistara manjer sumunar, pindha ratuning wengi kang miyos tinangkil. Kaadhep lintang-lintang kang anjrah kaya-kaya warata tanpa sela. Hmmm, Sahid kayungyun mring endahing langit.

          Sabacute.....

"Ngambil banyu apikulan warih. Amet geni sarwi adedamar. Kodhok ngemuli elenge. Miwah kang banyu den kum. Myang dahana murub kabasmi. Bumi kapetak ingkang. Pawana katiyup. Tanggal pisan kapurnaman. Yen anenun senteg pisan anigasi. Kuda ngrap ing pandengan"

          "Wah, kekadhar neng latar karo ura-ura. Jan gandem marem rasane," aloke Kyai Wenang banjur melu lungguh neng sandhinge Sahid. "Tembang macapat Dhandhanggula-mu banget nuju prana, Nak. Swaramu ngalik-alik.  Gek wirasa cakepane uga mandhes."

          "Hmm, kula namung ura-ura kangge nglipur manah, Kyai. Kula mboten nggatosaken dhateng wiraosipun. Inggih sekar Dhandhanggula menika ingkang kaleres kula apali."

"Loh, uran-uranmu kuwi wirasane jero lho, Nak. Cakepane isi ukara-ukara 'isbat'. Miturut para nimpuna kasusastran, isbat iku ukara pepindhan sing ngemu piwulang babagan ngelmu gaib."

          "Oh, ngelmu gaib, Kyai? Lajeng menapa ingkang dipunwastani ngelmu gaib menika," pamiterange Sahid.

          "Ah, kowe tumambuh. Ethok-ethok ora weruh," panyaute Kyai Wenang. Sawuse unjal napas banjur dibacutake, "Ngelmu gaib yaiku ngelmu kebatinan sing ngemu surasa piwulang kasampurnan. Uga diarani ngelmu sangkan paran. Ngelmu kang ngudi marang kasampurnaning pati."

          Hoh! Sahid njomblak. Goleka wong satus, ora entuk siji wong kang kaya Kyai Wenang kuwi. Capet-capet Sahid kelingan marang piwulange Nyi Ageng Serang. Kang mirid saka piwulang-piwulange pujangga kasusra Surakarta natkala kuwi. Raden Ngabehi Yasadipura, ingkang eyang Bagus Burham iya Raden Ngabehi Ranggawarsita.

          "Lajeng wiraosipun isbat ing sekar macapat Dhandhanggula wau menapa, Kyai?"

          Kyai Wenang tumuli ngonceki wirasane isbat. Ngangsu apikulan banyu utawa amek geni nggawa suluh werdine golek ngelmu iku kudu sangu ngelmu. Dene ngelmune wong golek ngelmu: ngrungokna, ngrasakake lan nglakoni. Kodhok ngemule lenge werdine jiwa kudu ngreksa raga.

          Anadene banyu dikum werdine adhem pangerehe, geni diobong werdine adil, ora mbau kapine, bumi kapendhem werdine andhap asor lan angin sinebul werdine sumrambah ing pasrawungan. Anadene tanggal pisan padhang rembulan werdine wus anggayuh kasampurnan, senteg pisan anigasi werdine pati patitis. Lan jaran negar ing kandhang pinageran werdine mageri pepinginan.

          "Wah, isih akeh maneh isbat kuwi, Nak. Kaya ta: susuhing angin, galihing kangkung, isine bumbung wungwang, tapake kuntul nglayang, gigiring punglu, tambining pucang, wiji sajroning wit, wit sajroning wiji, bothok bantheng winungkus godhong asem binitingan alu bengkong lan sapanunggalane."

          "Menapa kula kepareng nyuwun priksa, Kyai?"

          "Kena. Waton sing gampang-gampang. Aja sing dakik-dakik."

"Damar mati, urube menyang endi parane?"

          Pitakonan iki nate kanggo bawa rasa mirungga Nyi Ageng Serang lan para lurahing prajurit. Mungguhing tujuwane kanggo nggugah semangat bela negara apadene agama murih sinung nugraha 'mati sahid' kang cinadhang sawarga adi. Gayut lan lelungidan 'hubbul wathon minal iman'.

          "Ah, kowe kuwi. Damar mati urube ya ilang. Mati ya mati," wangsulane Kyai Wenang esmu kecipuhan. Pitakon mangkono iku jan-jane ora perlu entuk wangsulan. Awit ora tau kepikir. Sajeg jumleg iya lagi sepisan kuwi mrangguli.

          "Menika wangsulan ingkang mboten gadhah wangsulan, Kyai. Nuwun sewu. Tanpa teges. Kados srekalan."

          "Hoh, aku kleru, ya? Njur piye benere, Nak?" Kyai Wenang sumlondhoh.

          "Damar mati, urube ya mulih mring mula-mulane. Geni mati, urube iya bali marang anasir geni," tandhese Sahid.

          Murih gamblange Sahid terus nggenah-genahake. Sejatine jagad gedhe kuwi dumadi saka anasir: bumi, geni, banyu, angin. Ora beda karo jagad cilik iya badan wadhage menungsa. Uga dumadi saka anasir: bumi, geni, banyu, angin. Bumi dadi daging-kulit, balung-sungsum, wulu-kuku. Geni dadi panasing badan lan hawa nepsu. Banyu dadi getih, manikem, idu, uyuh lan luh. Angin dadi nupus, napas, tanapas. Dene napsu iku minangka gegambaran kahananing ati: aluwamah (angangsa) asorot ireng, amarah (sereng) asorot abang, sufiyah (adreng) asorot kuning lan mutmainah (jinem) asorot putih.

"Menggah ukara isbat wau werdinipun anggambaraken 'pati patitis'. Asale saka Gusti Allah bali marang Gusti Allah. Innalillahi wa inna ilaihi raji'un. Inggih menika ingkang sinebat ngelmu sangkan paran utawi ngelmu kasampurnan."

          Sangkan paraning dumadi. Kalamun dipinceti saka tegesing tembunge werdine: saka endi lan menyang endi anggone menungsa tumitah urip. Mesthine kabeh uwong sumurup menawa menungsa iku dumadi saka jasmani lan rohani. Raga lan jiwa. Lan raga iku yen ditlusur dumadi saka nutfah utawa wiji ajine wong lanang lan rahsa manikeme wong wadon kang gathuk sajrone rahim utawa guwa garbane pawestri. Dene nutfah kuwi minangka sari pathi pangane menungsa.

Sabacute saya mundhak dinane nutfah kasebut terus maujud sakepel getih. Saya mundhak sasine dadi daging lan balung rupa gatra menungsa kang sinebut jabang bayi. Nah, bareng umur patang sasi Gusti Allah Ta'ala banjur niyupake roh. Roh kang saka alam azali utawa alam roh.

Iya ing wektu kuwi Gusti Allah Ta'ala mundhut paseksene si jabang bayi. "Alastu birabbikum? Ya qaalu bala syahidna." Mungguh jarwane, "Apa Ingsun Pangeranira? Leres Paduka Pangeran kula, kula dados seksi." Bareng wis mangkono ganep sangang sasi sepuluh dina ponang bayi lair procot ing alam donya. Dadi menungsa kang urip samanut marang garising papesthen. Rejeki, jodho lan pati gumantung marang purba wasesane Kang Maha Kuwasa. Menungsa mung saderma nampa lan nglakoni.

Kalamun wus tutug ing janji, menungsa mati. Ragane dikubur, bosok dadi lemah. Dene rohe manjing ing alam kubur kang pinesthi nampa cadhangan nikmat kubur apa siksa kubur. Napsi-napsi. Gumantung marang drajad iman lan amal tumindake natkala urip neng alam donya.

Sepira suwene mapan ing alam kubur, Allahu a'lam! Dene mengko yen wus kiyamat roh tumuli ditangekake saka alam kubur. Ditimbang amal lan tumindake lan nampa kitab cathetan amal tumindake mau. Sateruse digambarake nguwod 'shirathal mustaqim'. Kang timbangan amale abot sing ala tiba neng nraka. Lan kang timbangan amale abot sing apik lulus lestari manjing swarga. Iya iku kang ingaran mati mulih mring mula-mulane.

Brrrrrttt!!! Padha sakala Kyai Wenang kaya dilolosi balung-balunge. Otot bayune kaya disedhot angin. Lemes. Polatane biyas. Upama wayah padhang rahina temtu katon pucet. Wow. Ketemune tilas prajurit Serang kuwi nyolong pethek.

Kyai Wenang durung ndungkap marang pilah-pilahe menungsa: - ngerti yen dheweke ngerti, - ngerti yen dheweke ora ngerti, - ora ngerti yen dheweke ngerti, - ora ngerti yen dheweke ora ngerti. Suprandene cilaka, cilakane cilaka yaiku wong kang ora ngerti  yen dheweke ora ngerti. Rumangsa bisa ora kok bisa rumangsa.

          Jaman kewalian wus nate diwulangake Sunan Gunungjati marang Syekh Malaya: Ilmu iku tan pasti neng janma luhur. Tan pasti neng janma singgih. Tan pasti neng janma sepuh. Ana nugraha pribadhi. Tarkadhang ana wong anom (Megatruh). Kadhang aneng sudra papa. Ora kena den gagapi. Tan kena kinaya apa. Pepancenira pribadhi. Yen rinilan ing Widhi. Nadyan durung masanipun. Angulah kalepasan. Rerantame wus patitis. Angungkuli khukuma (Sinom).

          "Nak Sahid, kowe wis mbirat pepetenging batinku," panelangsane Kyai Wenang. "Aku kegedhen rumangsa. Saka rumangsaku ora ana wong pinunjul lan kuwasa kejaba aku. Mula aku njur nganggo sesebutan Kyai Tunggul Pawenang. Mangka ujaring para sujana, ing sandhuwuring langit isih ana langit."

          "Adhuh, kula namung tiru-tiru. Awit rumiyin mboten ketang namung sakedhap, kula ugi nate nggeguru dhateng Kyai Imam Rozi Singamanjat ing Beji, Klaten. Pramila sampun kesangeten anggenipun ngasoraken salira, Kyai," ature Sahid kelawan ndhungkluk.

          "Kowe wis dadi 'damar sejati' tumrap uripku. Muga-muga ing mengkone uga dadi 'damar sejati' kanggo wong akeh," pratelane Kyai Wenang. "Muga dadia leganing atimu, wiwit bengi iki kowe takwenehi jeneng 'Damarjati'."

          Sanalika antariksa ana udan lintang alihan. Langit padhang njingglang. Binarung sumiliring maruta manda mbabar ganda amrik wangi. Alam sawegung anekseni. Sahid wus darbe jeneng anyar Damarjati. Damarjati. Sejatining pepadhang jroning pepeteng.

          "Nggih, kula ndherek nekseni. Namine Mase Sahid dados Damarjati. Kula mathuk, Kyai!" ujare Ki Kalim kang ujug-ujug jumedhul saka enggon lindhuk iring wetan emperan.

          "Loh, wis suwe kowe mau, Kalim? Yen ngono kowe rak krungu olehku wawan gunem karo Nak Sahid mau," pamiterange Kyai Wenang pungun-pungun esmu gumun.

          "Nggih, ngertos. Lan capet-capet nggih nyenthel. Wong ngelmu kula niku ngelmu goblog," wangsulane Ki Kalim kang lugune wis wiwit mau nguping olehe wawan rembug Kyai Wenang lan Sahid.

          "Hoh, apa ngelmu goblog kuwi? Kok ana-ana wae kowe kuwi," saute Kyai Wenang.

          "Ngelmu goblog niku ngelmu kepengin ngerti. Mila tiyang niku saya nggoblogi, nggih saya kathah angsale seserepan," Ki Kalim nggenahake.

          "Wih, wih..., jebul malah kowe sing akeh entuk-entukane. Entuk saka kana-kene," pangalembanane Kyai Wenang nuli ngrangkul Ki Kalim supeket. "Ning ya kuwi, wong golek ngelmu iku ibarate mangan iwak. Daginge dipangan dene erine kudu dibuwang."

ANA CANDHAKE.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerbung Selengkapnya
Lihat Cerbung Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun