Dening: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono
Nuju sawijining bengi wancine padhang rembulan. Nganti wayah tengah wengi Sahid ora bisa turu. Klisikan. Pikire nglambrang digawa nglembara gagasan kang tanpa juntrung. Kang cetha, uripe mula wis dianggo dolanan nasib. Satemene ala lan apik kuwi mula saka Kang Maha Kuwasa. Suprandene dadi ala utawa apik, kari gumantung marang menungsane.
Ing palagan perang dhek emben kae Sahid kena gegaman nganti semaput. Dheweke wis ketaton nganti dhowak-dhowak bau tengene. Tangan kang diejipake kanggo mateni mungsuh. Tangan kang diarep-arep bisa nggawa bali kamenangan. Nanging, bareng wis sadhar lan arep sumusul bali neng pakuwon prajurit Serang ketemune malah kesasar-sasar lakune. Engga tumeka neng desa Gabus. Begja dene entuk pitulungan saka brayate Kyai Wenang. Saiki Sahid ganti diadhepake marang perkara kang ruwet. Hhh. Nawangsih. Wanita kang dijagakake bisa kanggo gondhelan, tetela jebul wis ana sing duwe. Wis dilamar Wulagang. Apa kelakon dheweke dadi kemladheyan katresnan? Huh, dosa. Dosa gedhe!
     Mula saka kuwi murih ora sumpeg pikire, Sahid banjur klunuh-klunuh metu saka senthong. Nggelar lampit saka papah resula neng tengah latar kanggo lungguhan. Risedhenge ing angkasa sang candra kawistara manjer sumunar, pindha ratuning wengi kang miyos tinangkil. Kaadhep lintang-lintang kang anjrah kaya-kaya warata tanpa sela. Hmmm, Sahid kayungyun mring endahing langit.
     Sabacute.....
"Ngambil banyu apikulan warih. Amet geni sarwi adedamar. Kodhok ngemuli elenge. Miwah kang banyu den kum. Myang dahana murub kabasmi. Bumi kapetak ingkang. Pawana katiyup. Tanggal pisan kapurnaman. Yen anenun senteg pisan anigasi. Kuda ngrap ing pandengan"
     "Wah, kekadhar neng latar karo ura-ura. Jan gandem marem rasane," aloke Kyai Wenang banjur melu lungguh neng sandhinge Sahid. "Tembang macapat Dhandhanggula-mu banget nuju prana, Nak. Swaramu ngalik-alik.  Gek wirasa cakepane uga mandhes."
     "Hmm, kula namung ura-ura kangge nglipur manah, Kyai. Kula mboten nggatosaken dhateng wiraosipun. Inggih sekar Dhandhanggula menika ingkang kaleres kula apali."
"Loh, uran-uranmu kuwi wirasane jero lho, Nak. Cakepane isi ukara-ukara 'isbat'. Miturut para nimpuna kasusastran, isbat iku ukara pepindhan sing ngemu piwulang babagan ngelmu gaib."
     "Oh, ngelmu gaib, Kyai? Lajeng menapa ingkang dipunwastani ngelmu gaib menika," pamiterange Sahid.