"Menika wangsulan ingkang mboten gadhah wangsulan, Kyai. Nuwun sewu. Tanpa teges. Kados srekalan."
     "Hoh, aku kleru, ya? Njur piye benere, Nak?" Kyai Wenang sumlondhoh.
     "Damar mati, urube ya mulih mring mula-mulane. Geni mati, urube iya bali marang anasir geni," tandhese Sahid.
     Murih gamblange Sahid terus nggenah-genahake. Sejatine jagad gedhe kuwi dumadi saka anasir: bumi, geni, banyu, angin. Ora beda karo jagad cilik iya badan wadhage menungsa. Uga dumadi saka anasir: bumi, geni, banyu, angin. Bumi dadi daging-kulit, balung-sungsum, wulu-kuku. Geni dadi panasing badan lan hawa nepsu. Banyu dadi getih, manikem, idu, uyuh lan luh. Angin dadi nupus, napas, tanapas. Dene napsu iku minangka gegambaran kahananing ati: aluwamah (angangsa) asorot ireng, amarah (sereng) asorot abang, sufiyah (adreng) asorot kuning lan mutmainah (jinem) asorot putih.
"Menggah ukara isbat wau werdinipun anggambaraken 'pati patitis'. Asale saka Gusti Allah bali marang Gusti Allah. Innalillahi wa inna ilaihi raji'un. Inggih menika ingkang sinebat ngelmu sangkan paran utawi ngelmu kasampurnan."
     Sangkan paraning dumadi. Kalamun dipinceti saka tegesing tembunge werdine: saka endi lan menyang endi anggone menungsa tumitah urip. Mesthine kabeh uwong sumurup menawa menungsa iku dumadi saka jasmani lan rohani. Raga lan jiwa. Lan raga iku yen ditlusur dumadi saka nutfah utawa wiji ajine wong lanang lan rahsa manikeme wong wadon kang gathuk sajrone rahim utawa guwa garbane pawestri. Dene nutfah kuwi minangka sari pathi pangane menungsa.
Sabacute saya mundhak dinane nutfah kasebut terus maujud sakepel getih. Saya mundhak sasine dadi daging lan balung rupa gatra menungsa kang sinebut jabang bayi. Nah, bareng umur patang sasi Gusti Allah Ta'ala banjur niyupake roh. Roh kang saka alam azali utawa alam roh.
Iya ing wektu kuwi Gusti Allah Ta'ala mundhut paseksene si jabang bayi. "Alastu birabbikum? Ya qaalu bala syahidna." Mungguh jarwane, "Apa Ingsun Pangeranira? Leres Paduka Pangeran kula, kula dados seksi." Bareng wis mangkono ganep sangang sasi sepuluh dina ponang bayi lair procot ing alam donya. Dadi menungsa kang urip samanut marang garising papesthen. Rejeki, jodho lan pati gumantung marang purba wasesane Kang Maha Kuwasa. Menungsa mung saderma nampa lan nglakoni.
Kalamun wus tutug ing janji, menungsa mati. Ragane dikubur, bosok dadi lemah. Dene rohe manjing ing alam kubur kang pinesthi nampa cadhangan nikmat kubur apa siksa kubur. Napsi-napsi. Gumantung marang drajad iman lan amal tumindake natkala urip neng alam donya.
Sepira suwene mapan ing alam kubur, Allahu a'lam! Dene mengko yen wus kiyamat roh tumuli ditangekake saka alam kubur. Ditimbang amal lan tumindake lan nampa kitab cathetan amal tumindake mau. Sateruse digambarake nguwod 'shirathal mustaqim'. Kang timbangan amale abot sing ala tiba neng nraka. Lan kang timbangan amale abot sing apik lulus lestari manjing swarga. Iya iku kang ingaran mati mulih mring mula-mulane.
Brrrrrttt!!! Padha sakala Kyai Wenang kaya dilolosi balung-balunge. Otot bayune kaya disedhot angin. Lemes. Polatane biyas. Upama wayah padhang rahina temtu katon pucet. Wow. Ketemune tilas prajurit Serang kuwi nyolong pethek.