"Ah, kowe tumambuh. Ethok-ethok ora weruh," panyaute Kyai Wenang. Sawuse unjal napas banjur dibacutake, "Ngelmu gaib yaiku ngelmu kebatinan sing ngemu surasa piwulang kasampurnan. Uga diarani ngelmu sangkan paran. Ngelmu kang ngudi marang kasampurnaning pati."
     Hoh! Sahid njomblak. Goleka wong satus, ora entuk siji wong kang kaya Kyai Wenang kuwi. Capet-capet Sahid kelingan marang piwulange Nyi Ageng Serang. Kang mirid saka piwulang-piwulange pujangga kasusra Surakarta natkala kuwi. Raden Ngabehi Yasadipura, ingkang eyang Bagus Burham iya Raden Ngabehi Ranggawarsita.
     "Lajeng wiraosipun isbat ing sekar macapat Dhandhanggula wau menapa, Kyai?"
     Kyai Wenang tumuli ngonceki wirasane isbat. Ngangsu apikulan banyu utawa amek geni nggawa suluh werdine golek ngelmu iku kudu sangu ngelmu. Dene ngelmune wong golek ngelmu: ngrungokna, ngrasakake lan nglakoni. Kodhok ngemule lenge werdine jiwa kudu ngreksa raga.
     Anadene banyu dikum werdine adhem pangerehe, geni diobong werdine adil, ora mbau kapine, bumi kapendhem werdine andhap asor lan angin sinebul werdine sumrambah ing pasrawungan. Anadene tanggal pisan padhang rembulan werdine wus anggayuh kasampurnan, senteg pisan anigasi werdine pati patitis. Lan jaran negar ing kandhang pinageran werdine mageri pepinginan.
     "Wah, isih akeh maneh isbat kuwi, Nak. Kaya ta: susuhing angin, galihing kangkung, isine bumbung wungwang, tapake kuntul nglayang, gigiring punglu, tambining pucang, wiji sajroning wit, wit sajroning wiji, bothok bantheng winungkus godhong asem binitingan alu bengkong lan sapanunggalane."
     "Menapa kula kepareng nyuwun priksa, Kyai?"
     "Kena. Waton sing gampang-gampang. Aja sing dakik-dakik."
"Damar mati, urube menyang endi parane?"
     Pitakonan iki nate kanggo bawa rasa mirungga Nyi Ageng Serang lan para lurahing prajurit. Mungguhing tujuwane kanggo nggugah semangat bela negara apadene agama murih sinung nugraha 'mati sahid' kang cinadhang sawarga adi. Gayut lan lelungidan 'hubbul wathon minal iman'.
     "Ah, kowe kuwi. Damar mati urube ya ilang. Mati ya mati," wangsulane Kyai Wenang esmu kecipuhan. Pitakon mangkono iku jan-jane ora perlu entuk wangsulan. Awit ora tau kepikir. Sajeg jumleg iya lagi sepisan kuwi mrangguli.