Mohon tunggu...
Khoeri Abdul Muid
Khoeri Abdul Muid Mohon Tunggu... Administrasi - Infobesia

REKTOR sanggar literasi CSP [Cah_Sor_Pring]. REDAKTUR Penerbit dan mitra jurnal ilmiah terakreditasi SINTA: Media Didaktik Indonesia [MDI]. E-mail: bagusabdi68@yahoo.co.id atau khoeriabdul2006@gmail.com HP 081326649770

Selanjutnya

Tutup

Cerbung

Damar Sejati - 3: Lara Wuyung

12 Desember 2024   01:22 Diperbarui: 12 Desember 2024   05:44 20
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
ilustrasi Lara Wuyung. dokpri

DENING: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono

Sajog ditinggal semprung Nawangsih kae mau, dadakan nyawane Wulagang kaya ilang separo. Mungguhing rasane, uripe wis ora ganep maneh. Kaya langit wengi kelangan lintang rembulan, kaya godhong kelangan ijone, kaya kembang kelangan medhem endahe, kaya Jayabaya kelangan jangka-jangkane, kaya Jawa kelangan sastra budayane.

Pokoke, tanpa Nawangsih atine Wulagang dadi lokak ora kebak, rasane malih sepi, sepa lan pikire dadi tumlawung tanpa dunung iya nglangut tanpa pagut. Oh, Nawangsih! Nduleke ganda wangi kang sumrebet saka rambute, isih wae kanthil neng pucuk irunge nom-noman saka Katan kasebut. Pokoke maneh, gegambarane Nawangsih ora bisa ilang saka lembaraning uripe si Wulagang.

Mulih saka Gabus, jejaka tumaruna kang wus ketaman lungiting asmara kuwi ora njujug omah. Suprandene menyang omahe Jibah. Ing wanci parak esuk iku si pamomong mau terus disurung-surung diakon njupukake salin penganggo neng omahe Ki Banjeng. Lan dheweke titip weling menawa anggone lelaku cabar ora oleh gawe.

Sauntara kuwi Nyi Tumirah dadi kuciwa banget. Kepriye kok ora?! Jer olehe upyuk sawengi mbethethet karo rewang-rewange saperlu nyepak-nyepakake ubarampe slametan mbruwahe Wulagang katemahan terus muspra. Kang luwih dening abot ing rasa, pangarep-arep amrih anake lanang bisa dadi wong pinunjul ora netes. Paribasan mrucut saka kudangan, mrojol saka gendhongan.

Krungu umrege wong neng pawon, Ki Banjeng ora kumecap. Underane perkara, genah yen si Wulagang wurung anggone arep nggayuh ngelmu kedhotan rangkep. Ora kuwat coba lan godhane. Pepuntone atine banjur diimur-imur dhewe. Eee, mbok menawa bocahe isih kena didandani. Rak bisa dikongkon ngambali maneh. Mengko digolekake dina patang puluh liyane Rebo Pon, Kemis Wage lan Jumuwah Kliwon rak bisa.

"Bocahe omong piye wae, Bah?" panlesihe Ki Banjeng karo mecuntheng.

"Trose piyambake mboten jodho nek ken golek ngelmu kanuragan," kandhane Jibah kaya omonge Wulagang. "Baguse Lagang pilih ajeng golek ngelmu sejati mawon. Ben saget dadi kaya wali."

"Weh weh weh...! Bocah ora genah Lagang kuwi!" panggrundele Ki Banjeng.

"Nurut crita seking kanca-kancane Baguse Lagang, trose para wali niku senaosa mboten golek ngelmu kanuragan ning nggih dha sekti mandraguna. Rak sae pados ngelmu sejati mawon. Ben entuk-entukane malah ganep," jlentrehe Jibah niru critane si Wulagang.

Oh, ngelmu sejati. Ngelmu kang miturut gotheking akeh ngelmune para wali. Ngelmu urip tentrem. Jalaran kapitayane para wali kuwi Agama Rasul. Rasul kang dadi rahmat kanggo alam sawegung. Suprandene sumungguha Wulagang condhong temenan marang ngelmu sejati, kuwi jenenge rak 'kacang ninggal lanjaran'.

Ki Banjeng banjur kelingan kalamun anak kuwi titipane Kang Gawe Urip. Wong tuwa kang nampa kapercayan saka Kang Gawe Urip mangkono mau mesthine kudu rumangsa bombong. Ewa semono wong tuwa ora duwe wewenang meksakake kekarepan marang anak. Nanging duwe tanggungjawab nggedhekake lan nggulawenthah anak.

Digambarake kalamun wong tuwa iku kaya wong menthang gendhewa nglepas panah, ngarah sawiji-wiji lesan. Menawa panah wus lepas saka gendhewa, kena lesane apa mleset, apa malah ora tekan ngendon; kuwi kabeh wis dadi garising papesthen. Embuh uwonge, embuh gendhewane utawa panahe kang nemtokake pikolehe, kabeh ora ana sing ngerti. Menungsa bisa Gusti Allah kuwasa.

Ki Banjeng ora atop, ora segu. Mripate kelop-kelop. Batine malih gojag-gajeg. Panduga kang dikeker puluh-puluhan taun yen si Wulagang wiji ajine Branjangkawat malah dadi cangkriman kang muleg. Kang pepuntone terus timbul pitakon. Banjur Wulagang kuwi turun lan tiru sapa? Branjangkawat ora, Ki Banjeng iya ora! Huh, nyolong pethek. "Ah, embuh. Kuwi garapane Kang Ngecet Lombok!" Pamupuse.

Kocape wis pirang-pirang dina Wulagang ora gelem bali. Esuk uthug-uthug mau malah-malah Jibah katon kusung-kusung njujuli Ki Banjeng sekalihan sajak gita-gita wigati, diajak menyang omahe.

"Kujur ping pitulikur, Ki. Baguse Lagang malah benter awake. Nggramyang. Ngame-ame namine cah wedok. Nawangsih, Nawangsih...!"

"Sapa Nawangsih iku, Bah?"

"Konok. Trose cah Gabus, Ki. Sajake baguse Lagang kok mbateg nggene mikir cah niku. Njaluk rabi Ki, menawi."

"Wis, nek ngono kowe goleka sisik melik nyang Gabus. Nawangsih iku anake sapa lan piye panguripane wong tuwane," prentahe ki Banjeng.

Tanpa aweh wangsulan Jibah cekat-ceket lunga menyang Gabus. Golek sisik melik ngenani Nawangsih. Api-api nglacak perkutut ilang. Sawuse ejeg-eler takon mrana-mrene, tetela lamun Nawangsih iku anake Kyai Wenang. Pomahane cedhak kali. Lakar miturut katrangane wong-wong kono, palemahan kang dienggoni Kyai Wenang kuwi biyen-biyene 'bumi pulihan'. Bumi pulihan iku lemah kang dumadi saka endhut utawa lumpur kali.

Uga ana kang kandha menawa Kyai Wenang iku jeneng ganepe Kyai Tunggul Pawenang. Upama diwerdeni, jeneng kasebut teka jeneng ora sebaene. Tunggul (basa Kawi) tegese kang pinunjul. Lan, pawenang. Saka lingga wenang entuk ater-ater pa. Wenang tegese kuwasa. Dene pawenang mengku teges kang kuwasa. Dadi Tunggul Pawenang werdine kang pinunjul lan kang kuwasa.

Kejaba saka kuwi ana kang nyritakake lamun Kyai Wenang iku satemene wong sengkan. Neneka neng papan kono lan ngetrepi bumi pulihan kang dienggoni kuwi. Ujaring kandha mau-maune jare prajurit Surakarta ing taun-taun pungkasan Sunan Paku Buwana III ngasta bawating kanalendran.

Kyai wenang ninggal ayahan kaprajuritan beteke anggone gandrung marang ngelmu kasampurnan. Nglepas bebandane kadonyan dimen bisa gembleng nyawiji budi, cipta, rasa lan karsane. Bisa eneng lan ening kanggo golek tentrem. Nanging sarehne leluhure kuwi mau-maune wong Gabus, mula pepuntone banjur kepengin bali neng desane. Kebo mulih menyang kandhange.

Ing Gabus kono Kyai Wenang mula dadi jujugane wong kang kepengin golek katentreman. Urip tentrem. Saranane kudu dingelmuni. Ngelmu iku kelakone kanthi laku. Lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani. Santya budya pangekese dur angkara (Pucung). Mangka ta kang  aran laku. Lakune ngelmu sejati. Tan dahwen pati openan. Tan panasten ora jail. Tan njurungi ing ka-ardan. Amung eneng mamrih ening (Kinanthi). Kaya kang kacetha sajroning Serat Wedhatama.

Wus ana trontong-trontong padhang anggone golek sisik melik. Mula sacepete Jibah dikebat mulih. Ndunung-dunungake marang Ki Banjeng sarimbit babagan bocah wadon Gabus kang aran Nawangsih. Sejene kuwi uga ngenani wong tuwane. Kang miturut Jibah diarani 'wong tuwa'. Mula kaceluk 'kyai'. Tuwa tuwangganane wong Gabus. Tuwanggana kang duwe teges wong tuwa kang ngerti marang guna pangawikan sarta guna kasantikan. Ora tuwa tuwilun. Tuwa bodho. Nanging 'sok' pinter.

"Dadi Nawangsih iku anake Kyai Wenang?" pitakone Ki Banjeng sajak gojag-gajeg.

"Nggih. Cocog Ki, nek kalih ndika. Ngrika wong tuwa, sedhenge ndika guru ngelmu kanuragan. Ketemune Baguse Lagang niku jebul pinter milih bojo," pangaleme Jibah.

"Bocahe piye? Ayu apa ya lumrah-lumrah ae," pamiterange Nyi Tumirah nimbrung.

"Wah, angel digolekake tandhing, Yung. Ayune uleng-ulengan. Dhemes, sedhep, merak ati. Wis ta, kaya golekan, pokoke!" panyaute Wulagang kang ujug-ujug njedhul saka senthong. Dupi krungu jeneng Nawangsih disebut-sebut padha sakala lara panase ilang.

"Oalah, Le. Dadakan kowe dadi waras-wiris merga krungu wong rembugan perkara Nawangsih," ujare nyi Tumirah karo ngelus-elus sirahe anake lanang.

"Hrm..., kowe wis tau ketemu karo bocahe, Le?" pitakone Ki Banjeng nggagapi atine Wulagang. Seneng saka pilihane dhewe, apa merga panjurunge kanca.

"Wis, Pak. Dhek Jumuwah Kliwon bengi. Wektu aku lagi tapa ngeli, sedhenge Adhi Nawangsih arep adus kramas tengah wengi neng kali," pratelane Wulagang terus terang.

"Ck ck ck.....!" Ki Banjeng nge-'ck' karo manggut-manggut. Saikine dheweke lagi dhong ngenani wurunge anake lanang anggone lelaku tapa ngeli. "Mosok ana bocah wadon wani metu tengah wengi. Mengko gek bangsane peri lho, Le!"

"Wah, bapak ki malah aneh-aneh omonge," pambantahe Wulagang. "Nawangsih ya Nawangsih, Pak. Menungsa. Cah wadon ayu sing jare Lik Jibah mau, anake Kyai Wenang!"

"Njur, bocahe tresna kowe ora, Le?" Nyi Tumirah miterang. Kapiadreng.

"Yung, Yung...! Wong aku wis dinehi tamba gela, pilus barang kok ora tresna ki piye ta, Yung," pratelane Wulagang methentheng.

"Ming panganan pilus iku dadi titikan tandha tresna? Huh, kok lehe emreh temen," tumanggape Nyi Tumirah kambi menjep kecut.

"Huuu, biyung kuwi! Pilus pipi alus, Yung!" jlentrehe Wulagang methentheng.

"Wis, wis..., ra sah kedlarung-dlarung olehe omong. Mundhak malah regejegan," panyapihe Ki Banjeng. "Saiki ngene, Nyi. Gandheng anakmu wis genah yen seneng Nawangsih, mula bebasan 'anak polah bapa kepradhah', awake dhewe kudu cepet-cepet golek dina sing apik kanggo nglamar Nawangsih."

"Leres, Ki. Sajake tresnane Baguse Lagang niku kok mboten saget dianyang malih," Jibah nylemong melu mbelani Wulagang.

"Nek ngono aku takngabari pakne cilik Lagang neng Bugel ya, Ki. Mengko nek nglamar ben Gendhon lan Gendhung sing ngampingi sampeyan. Dadi talang basa. Ben ketok regeng, Ki," usule Nyi Tumirah.

"Sakarepmu kono. Karo maneh sisan njaluk iguhe. Piye apike nglamar Nawangsih kuwi. Wong bakal besanmu iku wong ora sabaene," tumanggape Ki Banjeng.

"Nglamar ngoten niku saene napa mboten mbeta tuntunan kalih raja keputren pindhah, Ki. Dados njing tempuke damel ben mboten tumpang tindhih lan campur adhuk," cumeplose Jibah udhu panemu.

"Mbuh piye kono apike. Hla wong akeh-akeh kuwi piye carane? Awake dhewe 'ngumumi' ae. Dimen ora diarani kemlancang utawa kemajon," krenahe Ki Banjeng.

"Suk nek nglamar Adhi Nawangsih, aku rak entuk melu ta, Yung?" pitakone Wulagang kepengin ngerti.

"Huh, kowe kuwi. Suk nek dadi nganten, kowe lagi diarak rame-rame nyang Gabus!" pratelane Nyi Tumirah nggenahake.

Gumathoking rembug Ki Banjeng age-age golek dina sing apik kanggo nglamar Nawangsih. Dene Nyi Tumirah terus ijlag-ijlig menyang omahe sanak wedrah lan tangga teparo padha diakon rewang gawe ubarampe panglamar mengko yen wis teka kenthinge gawe dina lamaran.

Lebar kuwi Nyi Tumirah gageyan menyang Bugel ngajak rewang kang mbrengkut nggawa oleh-oleh. Saperlu ngabari sedulure lanang Gendhon lan Gendhung, sisan disraya dadi talang basa mengko yen nglamar Nawangsih.

          ANA CANDHAKE.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerbung Selengkapnya
Lihat Cerbung Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun