Kejaba saka kuwi ana kang nyritakake lamun Kyai Wenang iku satemene wong sengkan. Neneka neng papan kono lan ngetrepi bumi pulihan kang dienggoni kuwi. Ujaring kandha mau-maune jare prajurit Surakarta ing taun-taun pungkasan Sunan Paku Buwana III ngasta bawating kanalendran.
Kyai wenang ninggal ayahan kaprajuritan beteke anggone gandrung marang ngelmu kasampurnan. Nglepas bebandane kadonyan dimen bisa gembleng nyawiji budi, cipta, rasa lan karsane. Bisa eneng lan ening kanggo golek tentrem. Nanging sarehne leluhure kuwi mau-maune wong Gabus, mula pepuntone banjur kepengin bali neng desane. Kebo mulih menyang kandhange.
Ing Gabus kono Kyai Wenang mula dadi jujugane wong kang kepengin golek katentreman. Urip tentrem. Saranane kudu dingelmuni. Ngelmu iku kelakone kanthi laku. Lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani. Santya budya pangekese dur angkara (Pucung). Mangka ta kang  aran laku. Lakune ngelmu sejati. Tan dahwen pati openan. Tan panasten ora jail. Tan njurungi ing ka-ardan. Amung eneng mamrih ening (Kinanthi). Kaya kang kacetha sajroning Serat Wedhatama.
Wus ana trontong-trontong padhang anggone golek sisik melik. Mula sacepete Jibah dikebat mulih. Ndunung-dunungake marang Ki Banjeng sarimbit babagan bocah wadon Gabus kang aran Nawangsih. Sejene kuwi uga ngenani wong tuwane. Kang miturut Jibah diarani 'wong tuwa'. Mula kaceluk 'kyai'. Tuwa tuwangganane wong Gabus. Tuwanggana kang duwe teges wong tuwa kang ngerti marang guna pangawikan sarta guna kasantikan. Ora tuwa tuwilun. Tuwa bodho. Nanging 'sok' pinter.
"Dadi Nawangsih iku anake Kyai Wenang?" pitakone Ki Banjeng sajak gojag-gajeg.
"Nggih. Cocog Ki, nek kalih ndika. Ngrika wong tuwa, sedhenge ndika guru ngelmu kanuragan. Ketemune Baguse Lagang niku jebul pinter milih bojo," pangaleme Jibah.
"Bocahe piye? Ayu apa ya lumrah-lumrah ae," pamiterange Nyi Tumirah nimbrung.
"Wah, angel digolekake tandhing, Yung. Ayune uleng-ulengan. Dhemes, sedhep, merak ati. Wis ta, kaya golekan, pokoke!" panyaute Wulagang kang ujug-ujug njedhul saka senthong. Dupi krungu jeneng Nawangsih disebut-sebut padha sakala lara panase ilang.
"Oalah, Le. Dadakan kowe dadi waras-wiris merga krungu wong rembugan perkara Nawangsih," ujare nyi Tumirah karo ngelus-elus sirahe anake lanang.
"Hrm..., kowe wis tau ketemu karo bocahe, Le?" pitakone Ki Banjeng nggagapi atine Wulagang. Seneng saka pilihane dhewe, apa merga panjurunge kanca.
"Wis, Pak. Dhek Jumuwah Kliwon bengi. Wektu aku lagi tapa ngeli, sedhenge Adhi Nawangsih arep adus kramas tengah wengi neng kali," pratelane Wulagang terus terang.