"Ck ck ck.....!" Ki Banjeng nge-'ck' karo manggut-manggut. Saikine dheweke lagi dhong ngenani wurunge anake lanang anggone lelaku tapa ngeli. "Mosok ana bocah wadon wani metu tengah wengi. Mengko gek bangsane peri lho, Le!"
"Wah, bapak ki malah aneh-aneh omonge," pambantahe Wulagang. "Nawangsih ya Nawangsih, Pak. Menungsa. Cah wadon ayu sing jare Lik Jibah mau, anake Kyai Wenang!"
"Njur, bocahe tresna kowe ora, Le?" Nyi Tumirah miterang. Kapiadreng.
"Yung, Yung...! Wong aku wis dinehi tamba gela, pilus barang kok ora tresna ki piye ta, Yung," pratelane Wulagang methentheng.
"Ming panganan pilus iku dadi titikan tandha tresna? Huh, kok lehe emreh temen," tumanggape Nyi Tumirah kambi menjep kecut.
"Huuu, biyung kuwi! Pilus pipi alus, Yung!" jlentrehe Wulagang methentheng.
"Wis, wis..., ra sah kedlarung-dlarung olehe omong. Mundhak malah regejegan," panyapihe Ki Banjeng. "Saiki ngene, Nyi. Gandheng anakmu wis genah yen seneng Nawangsih, mula bebasan 'anak polah bapa kepradhah', awake dhewe kudu cepet-cepet golek dina sing apik kanggo nglamar Nawangsih."
"Leres, Ki. Sajake tresnane Baguse Lagang niku kok mboten saget dianyang malih," Jibah nylemong melu mbelani Wulagang.
"Nek ngono aku takngabari pakne cilik Lagang neng Bugel ya, Ki. Mengko nek nglamar ben Gendhon lan Gendhung sing ngampingi sampeyan. Dadi talang basa. Ben ketok regeng, Ki," usule Nyi Tumirah.
"Sakarepmu kono. Karo maneh sisan njaluk iguhe. Piye apike nglamar Nawangsih kuwi. Wong bakal besanmu iku wong ora sabaene," tumanggape Ki Banjeng.
"Nglamar ngoten niku saene napa mboten mbeta tuntunan kalih raja keputren pindhah, Ki. Dados njing tempuke damel ben mboten tumpang tindhih lan campur adhuk," cumeplose Jibah udhu panemu.