“Iya, pendongane ko pada. Mamake, bapake uga padha sehat.”
“Kabare Mas Tomo pripun Bu?”
“Lho? Deneng si malah takon? Mbokan ko sing dadi bojone la lewih ngerti. Ana apa si?”
“Emmm..... empun seminggu Mas Tomo mboten saged dekontak. HP-ne pejah. Kulo kewatir mbok enten nopo-nopo!”
“Es! Aja ngomong kaya kuwe lah, ora ilok! Dongakna baen si Tomo kuwe bagas waras, sehat wal afiat ora ana apa-apa.”
“Nggih Bu, donga si pancen tetep kulo dugekaken.”
“Lha ya apik kaya kuwe ....”
“Teng Ibu ngabari nopo mboten Bu?”
“Ya ora si. Ujarku ora ngabari inyong ya wis biasa, ningen jebule bocah kuwe ora ngabari ko uga ya?”
“Enggih Bu, kantenan mboten ngintun kabar koh. Pripun nggih Bu?”
“Ya pasrah baen Ris.”