Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 7: Kancil Nyensus Baya

6 Mei 2010   13:54 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:22 188
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Lakune kancil sing lagi ngalamaun kandheg rikala sikile krasa anyep. Ora nyana, jebul lakune wis tekan pinggire bengawan sing amba banget. Ing sabrang katon ana ara-ara amba sing sukete ijo royo-royo, beda karo papan ngadege kancil sing kebak watu tanpa suket. Si Kancil kepingin banget tekan sabrang, nanging kepriye carane, jalaran si Kancil ora bisa nglangi. Apa maneh, si kancil wis krungu yen bengawan kuwi akeh bayane. Yen si Kancil nekad nyabrang, kejaba samar keli, uga samar yen di caplok baya.

Lagi wae sikile kancil jumangkah arep ngedohi pinggire bengawan, karo pikirane ngenam-nam golek cara kanggo nyabrangi bengawan, kaget atine kancil jalaran ing sangarepe ana baya sing ngadhangi lakune. Cangkeme sing mangap nuduhake untune sing pating crongat gedhe-gedhe tur landhep. Si baya mencereng matane ngawasi polahe kancil sing ngadeg njegegreg ana ngarepe. "Wadhuh...... cilaka awakku. Apa kelakon uripku bakal cunthel dina iki?" Batine kancil nggraito apa sing bakal kelakon.

"Whuaaaahhhaaa....hahahaha....... sida sarapan daging kancil esuk iki. Sepira dayamu, yen kowe arep mlayu, dak oyak mesthi kecekel, jalaran burimu banyu. Aku ngerti yen kowe ora bisa nglangi, mula ora usah polah" si baya gumuyu meruhi kancil sing katon bingung.

"Huh..........baya..... baya, aja amba-amba olehmu mangap. Ambeganmu mambu banget, marahi endhasku dadi mumet. Nanging yen kowe arep sarapan awakku, ya kena wae,waton bisa nyekel aku." Si Kancil sing kepepet kahanan pikire muyeg golek cara uwal saka bebaya.

"Huaaaahahahahaaa........, lha apa rumangsamu kowe bakal bisa endha, Cil. Delengen mburimu, kanca-kancaku wis siyaga arep nyaplok awakmu yen kowe arep mlayu. Wis genah bakale kowe mengko kanggo rebutan kanca-kancaku." Baya-baya kuwi kabeh padha mangap ngatonake untu-untune.

"Wah.............. lha apa mengko bisa wareg, yen baya cacahe semono akehe mangan awakku sing kuru iki. Yen kanggo rebutan, mesakakae sing ora komanan. Apa ora luwih becik awakku iki dicuwil-cuwil, didum rata. Apa maneh yen ditambahi awake kanca-kancaku ing sabrang kana kae, mesthi wae luwih apik." Si sing wis saya kepepet golek cara ngoncati krubungane baya.

"Ha...hahahaha.... Jan-jane ya pancen luwih becik yen didum rata, nanging lha kepriye carane ya, Cil?". Baya sing ora mudheng karo apus kramane kancil pitakon.

"Lha kowe kuwi ngerti cacahe kanca-kancamu durung? Yen wis ngerti cacahe gampang, arep didum dadi pira wae ora dadi pepalang. Senajan omane mengko mung sethithik, nanging kabeh baya oleh sarapan." Kancil wiwit tuwuh pengarep-arepe bakal bisa ngoncati cangkeme baya.

"Iya ya, Cil. Koq aku during nate ngetung cacahe baya ing bengawan iki. Yen kowe apa wis tahu ngetung cacahe kanca-kancamu, Cil?" si baya sansaya kepilut karo omongane kancil.

"Lha ya mesthi wae ngerti no. Supaya kabeh kancil bisa mangan nganti wareg, ora ana sing kapiran nganti mati merga kaliren, saben kancil duwe jatah pangan suket dhewe-dhewe. Ora ana kancil rebutan mangan suket, nanging kabeh padha rukun, mangan sing dadi bagehane, ora ngrebutdarbeke kancil liya." Si kancil nerangake sajak keminter.

Baya-baya kuwi padha manggut-manggut ngrungokae jlentrehane kancil. "Lha kepriye carane ngetung cacahe baya kanca-kancaku sing akeh banget iki, Cil. Mbok aku diwenehi ngerti carane, Cil"

"Oooo, kuwi perkara sepele. Kanca-kancamu dibarisake, jejer-jejer urut, terus kowe ngetung mbaka siji wiwit saka kene nganti saenteke barisan baya kuwi."

"Wah...... katone gampang, Cil. Nanging kepriye ya, aku iki ora bisa etung-etung, apa maneh cacahe akeh. Mbok aku njaluk tulung karo kowe, Cil. Etungen cacahe kanca-kancaku." Si baya ngrerepeh marang kancil, lali niyate pisanan arep mangan kancil.

"Ya, wis. Saiki kanca-kancamu ajaken baris, jejer-jejer wiwit saka pinggir bengawan sisih kene, nganti tekan pinggire bengawan sisih kana. Mengko dak etunge mbaka siji, saben awak baya ora kliwatan. Yen kabeh wis baris, aku mengko ngetunge saka gigir-gigir baya, siji-siji" kancil nerangake carane ngetung cacahe baya.

"Eeee..... kanca-kanca, iki awake dhewe arep di sensus dening kancil kanggo ngerteni cacahe baya ana bengawan iki. Mula ayo enggal-enggal baris sing rapi, wiwit saka pinggir bengawan iki nganti teka pinggir bengawan sisih kana. Ayo, rikat" celathune baya iku ngabani kanca-kancane. Para baya iku pating srikut rebut dhisik nata barisan, urut ngebaki sajembare bengawan.

Meruhi baya-baya kuwi baris, pikirane kancil seneng banget, jalaran dheweke bakal bisa kelakon tekan sabrang bengawan pancatan geger baya sing kaya kreteg ing sandhuwuring bengawan. "Wis, siyaga ya...... iki petugas sensuse arep miwiti ngetung. Siji...... loro....... telu..........papat........... " si kancil mlumpat saka geger baya siji tumuju geger baya sabanjure karo muni etung-etung. Tekan pinggir bengawan, si kancil mlumpat sakuwate supaya tibane sikil adoh saka pinggir bengawan.

"Wis, ya baya bodho. Matur nuwun wis menehi dalan marang aku kanggo nyabrang bengawan iki." Kancil iku mbengok karo mlayu sipat kuping ngedohi pinggir bengawan.

"Weeee lha, Cil......... Kancil...... Wah.......... Awake dhewe diapusi karo kancil. Kudune mau kancil kuwi wis dadi sarapan, malah awake dhewe kapusan, kancile bablas............" si baya kuwi ngedumel nggetuni bodhone.

(Ditulis berdasar ingatanku atas dongeng simbok sewaktu aku kecil)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun