Lakune kancil sing lagi ngalamaun kandheg rikala sikile krasa anyep. Ora nyana, jebul lakune wis tekan pinggire bengawan sing amba banget. Ing sabrang katon ana ara-ara amba sing sukete ijo royo-royo, beda karo papan ngadege kancil sing kebak watu tanpa suket. Si Kancil kepingin banget tekan sabrang, nanging kepriye carane, jalaran si Kancil ora bisa nglangi. Apa maneh, si kancil wis krungu yen bengawan kuwi akeh bayane. Yen si Kancil nekad nyabrang, kejaba samar keli, uga samar yen di caplok baya.
Lagi wae sikile kancil jumangkah arep ngedohi pinggire bengawan, karo pikirane ngenam-nam golek cara kanggo nyabrangi bengawan, kaget atine kancil jalaran ing sangarepe ana baya sing ngadhangi lakune. Cangkeme sing mangap nuduhake untune sing pating crongat gedhe-gedhe tur landhep. Si baya mencereng matane ngawasi polahe kancil sing ngadeg njegegreg ana ngarepe. "Wadhuh...... cilaka awakku. Apa kelakon uripku bakal cunthel dina iki?" Batine kancil nggraito apa sing bakal kelakon.
"Whuaaaahhhaaa....hahahaha....... sida sarapan daging kancil esuk iki. Sepira dayamu, yen kowe arep mlayu, dak oyak mesthi kecekel, jalaran burimu banyu. Aku ngerti yen kowe ora bisa nglangi, mula ora usah polah" si baya gumuyu meruhi kancil sing katon bingung.
"Huh..........baya..... baya, aja amba-amba olehmu mangap. Ambeganmu mambu banget, marahi endhasku dadi mumet. Nanging yen kowe arep sarapan awakku, ya kena wae,waton bisa nyekel aku." Si Kancil sing kepepet kahanan pikire muyeg golek cara uwal saka bebaya.
"Huaaaahahahahaaa........, lha apa rumangsamu kowe bakal bisa endha, Cil. Delengen mburimu, kanca-kancaku wis siyaga arep nyaplok awakmu yen kowe arep mlayu. Wis genah bakale kowe mengko kanggo rebutan kanca-kancaku." Baya-baya kuwi kabeh padha mangap ngatonake untu-untune.
"Wah.............. lha apa mengko bisa wareg, yen baya cacahe semono akehe mangan awakku sing kuru iki. Yen kanggo rebutan, mesakakae sing ora komanan. Apa ora luwih becik awakku iki dicuwil-cuwil, didum rata. Apa maneh yen ditambahi awake kanca-kancaku ing sabrang kana kae, mesthi wae luwih apik." Si sing wis saya kepepet golek cara ngoncati krubungane baya.
"Ha...hahahaha.... Jan-jane ya pancen luwih becik yen didum rata, nanging lha kepriye carane ya, Cil?". Baya sing ora mudheng karo apus kramane kancil pitakon.
"Lha kowe kuwi ngerti cacahe kanca-kancamu durung? Yen wis ngerti cacahe gampang, arep didum dadi pira wae ora dadi pepalang. Senajan omane mengko mung sethithik, nanging kabeh baya oleh sarapan." Kancil wiwit tuwuh pengarep-arepe bakal bisa ngoncati cangkeme baya.
"Iya ya, Cil. Koq aku during nate ngetung cacahe baya ing bengawan iki. Yen kowe apa wis tahu ngetung cacahe kanca-kancamu, Cil?" si baya sansaya kepilut karo omongane kancil.
"Lha ya mesthi wae ngerti no. Supaya kabeh kancil bisa mangan nganti wareg, ora ana sing kapiran nganti mati merga kaliren, saben kancil duwe jatah pangan suket dhewe-dhewe. Ora ana kancil rebutan mangan suket, nanging kabeh padha rukun, mangan sing dadi bagehane, ora ngrebutdarbeke kancil liya." Si kancil nerangake sajak keminter.
Baya-baya kuwi padha manggut-manggut ngrungokae jlentrehane kancil. "Lha kepriye carane ngetung cacahe baya kanca-kancaku sing akeh banget iki, Cil. Mbok aku diwenehi ngerti carane, Cil"