Wiji meneng, ora langsung nyauri. Dheweke dudu wong kerjo. Masio pancet budhal kerjo ning garapane Diman yo ora akeh. Biasane sak durunge riyoyo rame wong ndandakno karo pesen mejo kursi, ning kahanan Corona koyo ngene ojo'o meja kursi, dingge mangan ae podho kangelan.
"Satus-satus gak popo, Ji, lagi butuh nemen aku."
"Ngko tak takokno Mas Diman sik, Mbak, onok opo gak."
"Bojomu kan kerjo terus, mosok sih gak onok," saure Marinah.
"Lek kerjone onok gak onok pancet budhal, Mbak, ndok ngomah yo kate lapo. Kursi yo sepi, wong-wong milih dingge tuku panganan timbang tuku kursi," Wiji akhire nyauri rodo dhowo.
"Lha tapi kan anakmu mung siji, gurung sekolah sisan."
Wiji ora nyauri. Wong wedok iku malik tempene. Urip lagi angel dingge sekabehe. Biasa ae angel nabung mergo yo jarang turah, opo maneh kahanan kaya ngene. Wiji maklum lek podho akeh sing mumet, nganti golek utangan. Dheweke ora iso mbayangno lek misale Tomin gedhe, wayahe bayar duwit sekolah utowo golek sekolah, gurung maneh misale nduwe cicilan omah utowo montor. Ngene iku isone bersyukur, masio cilik omah dudu cicilan. Masio montore bojone tukang mogok, ning ora perlu nyicil ben sasi. Biyen tuku elek-elekan sing penting iso ditumpaki lan ora mumet bayar ben sasi.
"Wong wedok lak mesti nduwe duwit dhewe, Ji. Delikan. Mosok awakmu gak nduwe?" Marinah sik pancet mburu.
"Lagi gak nduwe, Mbak."
"Mosok sih. Satus-satus ae. Tak bayar, Ji, iki lek gak butuh temenan aku yo gak utang. Mumet aku ditagihi terus. Sendal gak sepiro'o apik ae, digawe yo gak enak, lek nagih koyok gak ngerti wayah. Sedino mbuh ping piro ae lek nagih, jengkel aku."
Jenenge riyoyo, masio ta tahun iki riyoyo ora kaya biasane sing iso unjung-unjung tekan ngendi-ngendi ning bab klambi, sandal, pancet kudu anyar. Nggawene ora suwi, mumete ben dino mergo ditagih tukang kredite.