Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Srawung

17 November 2020   08:05 Diperbarui: 17 November 2020   08:14 542
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenenge urip nang kampung, nduwe tonggo, gelem ora gelem yo kudu srawung. Lek boso kerene ngunu "bersosialisasi". Ngunu ugo Wiji karo tonggo-tonggone. Mulai saka sing rodo akeh wonge kaya arisan, senam bareng, resik-resik kampung lan tirakatan nganti sing cilik-cilikan kaya petan rambut putih, rasan-rasan karo utang-utangan. Ora ono hukum tertulis, ning lek nganti ono sing ora srawung karo tonggone yo bakal repot lek nduwe gawe, ora ono sing ngewangi.

Srawunge Wiji isuk iki diparani tonggone, Marinah. Wong wedok lemu sing ora rumongso lemu iku isuk-isuk wis nonggo. Langsung mlebu lawang mburi, nang pawon, Marinah wis apal jadwale Wiji. Lek ora masak yo umbah-umbah.

"Sakjane aku isin, Ji, ning yok opo maneh. Bojoku wis gak iso diarepno. Sepi narik saiki."

Bojone Marinah sopir angkot. Sakjone Corona, angkot sepi, akeh sing ora mlaku mergo podho dibatesi ora oleh metu omah lek ora perlu-perlu nemen.

"Ngerti dhewe saiki suepi pol. Gak mlaku gak oleh duwit, mlaku yo mung entek dingge tuku bensin."

Marinah terus ae ngomong karo ngemili kacang nang toples sing disuguhno Wiji.

"Enak yo kacangmu, gurih. Gawe dhewe ta iki?"

"Ho oh, Mbak."

"Jajan riyoyoku wis entek. Gak onok tamu yo tak emplok dhewe karo arek-arek. Gek sampek kapan koyok ngene iki. Mumet ndasku. Arek-arek gak sekolah, tapi yo pancet bayar. Malah ngentek-ngenteki saiki, njaluki pulsa ae. Gurung ribute iku, mumet aku."

Wiji ngrungokno curhatane tonggone iku karo masak. Wis biasa lek wong nonggo ngunu iku disambi. Dudu wong adoh sing ora tahu ketemu ben dino, sing namu karo sing ditamuni wis podho paham.

"Ngko lek wis iso mlaku maneh tak saur, Ji. Jare sih gak suwi maneh wis oleh metu-metu. Opo yo kuat kon nang omah terus, iso edan. Gak oleh duwit, kate mangan atek opo."

Wiji meneng, ora langsung nyauri. Dheweke dudu wong kerjo. Masio pancet budhal kerjo ning garapane Diman yo ora akeh. Biasane sak durunge riyoyo rame wong ndandakno karo pesen mejo kursi, ning kahanan Corona koyo ngene ojo'o meja kursi, dingge mangan ae podho kangelan.

"Satus-satus gak popo, Ji, lagi butuh nemen aku."

"Ngko tak takokno Mas Diman sik, Mbak, onok opo gak."

"Bojomu kan kerjo terus, mosok sih gak onok," saure Marinah.

"Lek kerjone onok gak onok pancet budhal, Mbak, ndok ngomah yo kate lapo. Kursi yo sepi, wong-wong milih dingge tuku panganan timbang tuku kursi," Wiji akhire nyauri rodo dhowo.

"Lha tapi kan anakmu mung siji, gurung sekolah sisan."

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku malik tempene. Urip lagi angel dingge sekabehe. Biasa ae angel nabung mergo yo jarang turah, opo maneh kahanan kaya ngene. Wiji maklum lek podho akeh sing mumet, nganti golek utangan. Dheweke ora iso mbayangno lek misale Tomin gedhe, wayahe bayar duwit sekolah utowo golek sekolah, gurung maneh misale nduwe cicilan omah utowo montor. Ngene iku isone bersyukur, masio cilik omah dudu cicilan. Masio montore bojone tukang mogok, ning ora perlu nyicil ben sasi. Biyen tuku elek-elekan sing penting iso ditumpaki lan ora mumet bayar ben sasi.

"Wong wedok lak mesti nduwe duwit dhewe, Ji. Delikan. Mosok awakmu gak nduwe?" Marinah sik pancet mburu.

"Lagi gak nduwe, Mbak."

"Mosok sih. Satus-satus ae. Tak bayar, Ji, iki lek gak butuh temenan aku yo gak utang. Mumet aku ditagihi terus. Sendal gak sepiro'o apik ae, digawe yo gak enak, lek nagih koyok gak ngerti wayah. Sedino mbuh ping piro ae lek nagih, jengkel aku."

Jenenge riyoyo, masio ta tahun iki riyoyo ora kaya biasane sing iso unjung-unjung tekan ngendi-ngendi ning bab klambi, sandal, pancet kudu anyar. Nggawene ora suwi, mumete ben dino mergo ditagih tukang kredite.

"Awakmu sik enom, mending budal nang luar negeri. Mayan lho dadi TKW, setahun wong tahun iso dingge tuku lemah."

"Gak onok sing iso metu, Mbak, kabeh negoro ditutup," saure Wiji karo ngelungno tempe gorenge nang ngarepe Marinah.

Durung ditawani, wong wedok iku langsung njupuk siji.

"Yo suk lek wis mari maksudku. Wong wedok ki enak lek nduwe duwit dhewe," omonge Marinah karo ngemil tempe goreng.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku lungguh meneng nang ngarepe Marinah.

"Wouh, onok tamu adoh ta iki mau?"

Diman sing mau embuh nang ndi moro-moro mecungul nang pawon. Wong lanang iku cengengesan karo melu njupuk tempe.

"Eh, Man, gurung budal kerjo ta?"

"Gurung, Mbak, sik isuk. Adus ae gurung iki," saure. "Sajake onok sing penting, Mbak, isuk-isuk wis dolen rene?"

"Heh, gak. Ndoleni bojomu ae iki. Mumet aku ndok omah karo arek-arek, gelutan ae."

"Ouh," Diman manthuk-manthuk karo nyandak anduk, budal adus.

"Aku mulih sik yo, Ji. Eling omongku mau ya, njaluk tulung lho iki."

Wiji manthuk. Ora ngomong dhowo maneh, Marinah mulih karo sakwise njipuk tempe goreng maneh. Wiji mung nyawang gegere tonggone iku.

"Lha lapo ngongkon wong liyo kerjo, gak de'e dhewe ae sing budal," saka jading suwarane Diman banter.

"Hush, ojo banter-banter," saut Wiji.

"De'e sing tukang njajan kok tonggone sing kon mumet," Diman ngomong maneh saka jading.

"Uwis. Gak ngutangi yo gak usah ngomel."

"Gak nduwe duwit yo gak usah kakean gaya."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun