"Lapo?"
"Apane"
"Nyawang ae lapo?"
Diman mesem. Wong lanang iku rodo isin, ketemon. Ora nyauri dheweke malah nyandak es teh nang ngarepe. Wiji sing lagi mangan nang ngarepe nerusno lek mangan.
"Mau poso?"
"Gak."
"Wingi?"
"Gak. Opo'o?"
Ora nyauri, Diman malah cengengesan. Wong lanang iku melu nerusno lek mangan. Malem minggu Wiji Diman dolan bareng. Wong lanang wedok sing lagek pacaran iku asline sik podo isin. Sing siji bingung kate ngajak omong opo, sing siji saking bingunge, salah tingkah, akhire mangan ae.
Sing jenenge Wiji ora luwe ae sregep mangan, opo maneh lagi luwe ketambahan isin, selot ndadi mangane. Telap-telep lek mangan koyo wong telung dino ora ketemu sego. Sate sepuluh wis gari sak sunduk terakhir. Sego sak piring wis entek dhisikan. Diman nang ngarepe sik oleh separo. Jenenge lagi pacaran lek mangan yo rodo alon, jawane. Ning ora mergo iku thok, ndelok Wiji sing kalap lek mangan, Diman rasane wareg dhisik.
"Gak popo mangan sate langsung ngunu iku?"
"Maksude?"
"Yo be'e wedi kesogrok trus onok sing rontok."
"Susuk?"
"Gurung mbayar kok wis njaluk susuk."
Wiji menteleng. Diman mung mesem. Angele dadi wong lanang lek lagi awal pacaran. Kudu golek bahan omongan. Ora lucu isin. Salah omong iso bahaya akibate. Akhire wong lanang iku meneng, ngentekno segone.
"Mulih?"
"Lha kate nang ndi?"
Diman ora nyauri. Mari mangan, wong loro iku ora ngerti kate nang ndi maneh. Sik jam wolu bengi, malem minggu sik suwi ning wong loro iku bingung kate lapo.
"Nontok banci?"
"Lha lapo banci ditontok," saure Wiji.
"Nontok pilem?"
"Wis yahmene, ngko marine kebengen."
"Sik jam wolu."
"Nyuluh kodok ae."
Meh ae Diman nyemburno es teh sing mari disruput. Pacaran kok malah ngajak nyuluh kodok. Lagian nang ndi golek kodok nang kutho ngene. Dingge opo yoan. Diman bingung dhewe.
"Gak. Guyon."
Mari krungu omongane Wiji, Diman mesem. Dipikire temenan. Wong lanang iku mbayar sateen. Pacaran pisanan, mbayari sik. Mene-mene gampang.
"Seneng iwak?"
"Mangan maneh?"
Ditakoni iwak, Diman mikir Wiji kate ngajak mangan maneh.
"Gak. Iwak urip."
"Oh, seneng ae. Lapo?"
"Ayo nontok iwak ae."
Ora sido mulih, wong loro iku nerusno lek malem minggon ndelok iwak. Malem minggu akeh pasar malem dadakan, biasane mesti ono sing dodolan iwak-iwak.
"Opo iki?"
"Buka ae."
Malem minggu keloro mari dadi pacar, Diman moro karo nggowo kresek ireng. Wiji nampani karo mesem, isin. Ora kakean omong, wong wedok iku mbuka kresek trus didelok isine. Mari ngerti njerone, Wiji selot ombo lek mesem.
"Suwun."
Diman manthuk. Ngerti lek pacare seneng iwak, sakdurunge ngapel Diman tuku iwak cilik nang nggon sing diparani wingi.
"Cek iso ditontok mben dino."
Ganti Wiji sing manthuk. Wong loro iku mesem, seneng. Ora ben malem minggu, saiki Diman lek dolan sak wayah-wayah. Lek ora kesel kerjo, wong lanang iku mesti moro. Kadang mung mangan bareng, kadang muter-muter montoran, opo ae sak pingine. Ora koyo biyen, wong loro iku yo wis ora isin-isin. Wis kerep ketemu, wis selot kenal, wis mulai ngerti polah tingkahe. Lek biyen ngomong sik ati-ati, saiki wis iso opo onoke. Guyon, gelutan yo wis biasa.
"Lapo?"
"Gak popo."
"Nesu mesti."
"Gak."
"Kok meneng ae?"
"Iki ngomong."
"Sithik-sithik ngunu."
Wiji meneng. Wong wedok iku lagi ora enak atine.
"Luwe?"
"Gak."
"Gelem mangan?"
"Males."
Jelas nesu. Wong seneng mangan dijak mangan muni males mesti ono sing salah, pikire Diman. Ning wong lanang iku ora rumangsa nglakoni salah.
"Yo wis aku mulih ae."
Krungu Diman pamit, Wiji sing mau meneng saiki ketok mecucu. Diman epok-epok ora nyawang. Wong lanang iku mlaku marani montore. Rumangsa ora digagas, Wiji gedruk-gedruk sikile.
"Lha yok opo? Dijak omong gak gelem ngunu, yo wis aku mulih ae."
Wiji sik meneng, ora nyauri. Ning wong wedok iku ora pingin Diman mulih. Diman sing mau kate nyandak montor akhire melu meneng.
"Nesu? Aku salah opo?"
Ora nyauri, Wiji malah brabak raine.
"Lah, malah nangis."
Saking mangkele, Wiji akhire nyakot lengene Diman. Diman sing ora pingin tukaran mung meneng ae masio kelaran. Wong lanang iku malah mesem.
"Nasib pacaran karo asu, senengane nyakot," omonge lirih.
Mari lek nyakot, wis kroso lego, Wiji nyeculno lengene Diman. Ning wong wedok iku sik mbedodok.
"Mangan gak?"
Ora nyauri, Wiji manthuk. Ora kakean omong, Diman nggowo pacare iku nang warung sing cedek. Wis apal senengane, dadi ora usah ditakoni, langsung dienggokno ae. Mari mangan, Wiji Diman langsung balik. Lek mau Wiji mrengut ae, saiki wis iso mesem.
"Luwe ta mau?"
"Lha sampeyan kesuwen."
"Iku mau mampir nang apotek, nukokno obat Rahmat. Areke mencret kaet awan mau."
Wiji mecucu.
"Lek luwe ki yo mangan dhisik, gak usah ngenteni."
Wiji sik mecucu.
"Woo...sik mecucu ae. Cakot ganti kene ngko."
Wiji mecucu tapi trus mesem sithik. Ora suwi mecucu maneh. Atine wis enakan. Wis ora necu maneh, ning sik isin kate mesam-mesem.
"Ambung?"
"Gah."
"Wooo, iku mau wis nyakot ngunu. Ijoli."
"Ojo nesuan, ngko meteng lho."
Wiji nyawang Diman. Diman nyawang ganti karo mesem.
"Yo iso ae. Luwe trus nesu trus nyokot trus tak cokot ganti trus hehehe..."
"Mulih kono."
Wiji nyurung Diman sing cengengesan cek ndang munggah nang montore. Wis cukup lek ketemu. Sukur iso nyawang ae wong loro iku wis seneng.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H