Marni ngrogoh sak dastere. Nemu duwit rong ewuan.
“Dua ribu aja, Mah.”
Marni nyebek. Males ngomel, dilungno rong ewuan nang anake.
“Makasih, Mah,” omonge Andro karo ngambung pipine Marni.
Lek wis ngunu sopo sing iso nesu. Masio kerep digawe gemes karo polahe, Marni paling ora iso lek wis kenek polah lucu anak lanange. Ngelune rodok ilang. Disawang Andro sing mlayu metu, marani konco-koncone.
Kadang kepikiran nang uteke Marni, pingin urip nang ndeso ae. Marni wedi pergaulan arek-arek saiki. Durung maneh lek ngeling-eling perilaku bojone. Tapi kerjoane bojone nang kene, anak-anake yo wis biasa nang kutho, sekolah nang kutho, opo iso dijak urip nang ndeso.
Mikir ngunu iku, ndase Marni ngelu maneh. Dipijet-pijet maneh bathuke.
“Jok, njupukno balsem ndok kamar!”
Kroso selot nyut-nyutan, Marni mbengoki ponakane.
“Gusti, paringi sabar.”