Joko nglirik wetenge bulike. Ora sengojo arek lanang iku manthuk.
“Sik, tak omongno maneh karo paklikmu, sabar.”
“Tapi temenan lho, Lik?”
“Iyo. Duh, wis kono lho, nyapu-nyapu opo opo kono. Ngelu iki ndasku.”
Joko ngalih. Marni sing lagek lungguh nang ngarep tipi mijeti bathuke. Wis pirang-pirang dino sakjoke Joko ngomong lek pacare meteng, ndase ngelu. Bojone, Eko, durung iso dijak omong-omongan.
Eko dhewe sih nyaurine gampang, dirabekno. Wong lanang, ora mikir urusan liyane. Meteng yo rabi, titik. Pikirane Marni dowo, akeh. Wong wedok iku durung iso percoyo lek pacare Joko temenan meteng, ditengi ponakane. Masio Joko wis gedhe, ning nang pikirane sik arek.
“Kapan yoan gawene?”
Ben dino ora tau ilang. Mari ngeterno adike sekolah, mulih, ewang-ewang mberesi omah, ndelok tipi, dolanan karo adik-adike, turu. Pikiran-pikiran koyok ngunu iku sing nggarai Marni angel percoyo.
Lek wis rabi trus yok opo terusane. Manggon nang ndi, nyok opo ngurus anak bojo wong ngurus awake dhewe yo durung iso. Mubeng-mubeng pikiran karo pitakonan koyok ngunu iku nang uteke Marni.
“Gusti, brodol iki ngko rambutku, entek,” sambate dhewe.
“Mah, nyuwun duwit.”