Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Lastri (Bagian 23)

12 Januari 2016   14:58 Diperbarui: 12 Januari 2016   16:40 169
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="https://toinkart.files.wordpress.com/2013/04/05-sakrral-140x90-acrillic-on-canvas-2013.jpg"][/caption]“Potone sopo sing mbok simpen?”

Mari anake turu, Marni marani Joko sing lagek gletakan nang kamare.

“Guduk sopo-sopo. Iku mau Andro ngawur.”

“Lek adike nyelang henpon gak usah dikekno.”

“Ho oh, biasane yo gak tak olehe.”

“Yo wis. Ojo nontoki sing aneh-aneh. Lek pacaran yo sing biasa ae.”

“Ho oh.”

Mari bulike metu, Joko nyandak henpone maneh. Gambar sing sak durunge diomongno Andro, dipikire gambare Marni karo bojone, uwis dibusek. Gambar-gambar liyane sing ora jelas yo wes diilaki. Garek potone dhewe karo pacare.

“Halo, Sayang,” omonge Joko renyah, ngangkat telepon soko pacare.

“Sudah, sudah tak hapus hihihi...”

Nang seberang telepon, suwarane pacare ora kalah renyah. Arek enom lagi kesengsem, rumangsane yo nang dunyo ora ono wong liyo.

 

***

“Gak usah anyar kabeh, lagian yo sithik-sithik ae. Gurung mesti lek sing tuku akeh, mbuh-mbuhan onok sing tuku.”

“Yo mesti onok, Emak masake enak kok. Tapi yo sak sirmu, pilihen sing butuh ae.”

Minggu isuk, Tarno ngeterno Lastri nang pasar golek perkakas dingge mbuka warung. Lastri sing kebeneran oleh libur Minggu ngajak Tarno. Tarno dhewe Minggu biasa libur. Wong lanang iku mbujuk nang bojone. Pamite ono kerjoan nang kantor.

“Emak kok saiki meneng? Nesu ta?”

“Gak.”

“Biyen koen sing gak gelem omong karo aku, saiki Emak.”

“Yo jarno ae, pikirane wong tuwek.”

“Niatku mbantu koen, Las.”

“Iyo, aku yo ngerti. Emak cuma gak pingin aku loro ati maneh.”

 Tarno ambekan dowo. Wong lanang iku koyok diilingno sing biyen-biyen, ning dheweke yo sadar ora ono gunane mikir sing uwis-uwis.

“Sing penting saiki koen iso nunggoni anakmu, nunggoni Emak.”

“Lek mikirno Emak aku yo sakno. Wayahe leren, sik ae ngurusi aku karo anakku.”

“Aku nang kene saiki, ojo mikir dhewe. Sak isoku tak ewangi.”

Lastri mesem.

 

***

“Pokoke kudu ngomong, aku isin.”

“Ho oh, tapi yo sabar sik ta lah.”

“Gak iso, selot suwi ngko malah selot isin.”

“Aku wedi.”

“Aku yo wedi, isin sisan.”

Isuk-isuk Joko karo pacare gembrah. Mari ngeterno adike sekolah, Joko sing di-SMS pacare mampir nang nggone pacare kerjo.

“Yok opo, Yang, mikiro saiki.”

“Ho oh, aku yo mikir iki tapi aku gurung mangan dadi angel.”

“Pokoke ngko kudu ngomong tantemu.”

Mari udur-uduran Joko pamit mulih. Nang omah Joko sing sambat luwe ora ndang mangan. Arek lanang iku bingung. Ning mergo wetenge yo wis ora kuat kriuk-kriuk, akhire arek lanang iku mangan trus bablas turu.

“Masmu mana?”

“Bobok.”

“Yahmene sik turu. Panggilen, suruh makan.”

Bengi Marni sing ora ketok rupane Joko nggoleki.

“Gak ada, Mah. Ngising paling,” omonge Andro sing mari soko kamare Joko.

“Lapo sih? Wong yo wis gedhe ngko lek luwe lak mangan dhewe,” Eko sing mau lungguh meneng ae melu ngomong.”

Ora suwi mari dirasani, sing jenenge Joko mecungul nang ruang makan. Arek lanang sik ketoke durung adus iku raine teles.

“Lha koen iku mau adus opo raup? Teles kabeh raine tapi klambimu kok sik koyok ngunu.”

Joko ora nyauri, arek lanang iku yo ora melu lungguh. Andro karo Mita ngenanakno lek mangan. Eko nyruput kopine. Marni sik gregeten ndelok rupane ponakane iku.

“Aku mau ngomong,” omonge Joko sik njegegeg nang nggone lek ngadeg.

“Omong opo? Kunu lungguh, maem,” suare Marni.

“Aku kate kawin, Lik.”

“Yo kawin kono, tapi yo mangan sik,” Eko sing rokokan sukur ae nyauri.

“Pah, omong opo sih sampeyan iku. Kawin karo sopo?”

“Karo pacarku.”

Marni nyawang Eko, sing disawang meneng ae. Mita karo Andro sing mau mangan saiki melu meneng.

“Yo sabar sik, lapo kesusu?” takone Eko.

“Areke meteng.”

Koyok disamber gledek, Marni sing mau meneng mung iso nggowoh, motone karo koyok kate metu soko nggone.

“Mas pinter,” omonge Andro ora dong.

Marni karo Eko mung iso gedheg-gedheg.

*****

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun