“Lapo sih? Wong yo wis gedhe ngko lek luwe lak mangan dhewe,” Eko sing mau lungguh meneng ae melu ngomong.”
Ora suwi mari dirasani, sing jenenge Joko mecungul nang ruang makan. Arek lanang sik ketoke durung adus iku raine teles.
“Lha koen iku mau adus opo raup? Teles kabeh raine tapi klambimu kok sik koyok ngunu.”
Joko ora nyauri, arek lanang iku yo ora melu lungguh. Andro karo Mita ngenanakno lek mangan. Eko nyruput kopine. Marni sik gregeten ndelok rupane ponakane iku.
“Aku mau ngomong,” omonge Joko sik njegegeg nang nggone lek ngadeg.
“Omong opo? Kunu lungguh, maem,” suare Marni.
“Aku kate kawin, Lik.”
“Yo kawin kono, tapi yo mangan sik,” Eko sing rokokan sukur ae nyauri.
“Pah, omong opo sih sampeyan iku. Kawin karo sopo?”
“Karo pacarku.”
Marni nyawang Eko, sing disawang meneng ae. Mita karo Andro sing mau mangan saiki melu meneng.