“Pulisi tidur?”
“Ho oh, pas aku lewat sik turu. Lha tapi lek pulisi tangi pas aku mulih yok opo. Wong aku gak ngowo duit yoan.”
“Oalah Gusti, paringono sabar karo duit sing akeh,” omonge Marni karo ngelus dadane.
“Amin.”
“Heh! Ho oh, amin ding.”
Marni meneng, ngatur emosine. Joko meneng.
“Mene adikmu tak terno ae, koen nang omah ya. Firman ben dino dodolan?”
“Ho oh. Lek yahmene pindah areke.”
“Yo. Mene tak jak’e nyambangi pulisine.”
“Ojo, Lik, ngko sampeyan dipenjara.”
“Gak, alon-alon ae. Pulisine lak tidur sih, gak tangi?”