Krungu pulisi, penjara, Andro langsung meneng, wedi. Joko sik ae bingung. Sekolahane Andro wis mulai sepi. Firman siap-siap ngalih, pindah panggon dodolan.
“Yok opo iki, Man? tulungono aku. Ngko lek gak ndang mulih seneni bulikku.”
Firman epok-epok mikir. Joko karo Andro ngenteni.
“Ngene ae, koen atek kresek iki ae. Iki aku onok kresek ireng, lumayan iso ngge nutupi gundulmu. Ngko koen numpake rodo banter pas nglewati pulisine, cek gak patio ketok iku kresek opo helm.”
Krungu omongane Firman, Joko sing mau keweden langsung mesem. Firman ngelungno kresek ireng sing langsung ditampani Joko trus digawe nang gundule.
“Aku?”
“Iyo, Andro yok opo?”
“Gak popo, sik cilik,” saure Firman.
“Emoh, aku emoh ditangkap pulisi.”
“Gak gak, sik cilik ki gak popo.”
Joko manthuk-manthuk tapi Andro sik ora percoyo. Arek lanang iku akhire ngrengik maneh. Firman nyedeki Joko, arek lanang sing umure ora adoh soko Joko iku bisik-bisik. Joko sing ngrungokno mung manthuk-manthuk trus mesem.