[caption id="attachment_202461" align="aligncenter" width="500" caption="ilustrasi dijupuk saka uncyclopedia.wikia.com"][/caption]
"Mak, aku ngko muleh rodok sore. Ojo digoleki."
"Yo."
Biasane masio kerjoane durung mari lek awan Paijo mesti mulih, mangan karo nginguk anak bojone. Anak-anake sik cilik-cilik lek ora kerep diinguk mesakno bojone kecontalan ngemong anake karo ngramut omah.
Awale Narti meneng ae ben bojone pamit mulih sore. Ben pamit diiyani ae, ora tau ditakoki nang ndi, lapo, karo sopo. Ning mbareng wis seminggu luwih akhire Narti gatel, pingin ngerti. Opo maneh saiki mulai kerep metu bengi. Dudu ora percoyo, Narti masio pingin ngerti biasane mung diempet. Dicritani yo sukur, ora yo wis. Wong yo kerjo ae, sing penting ora lali tanggung jawabe.
Kaya bengi iki. Mari mangan bareng, Paijo ketok bingung. Wong lanang iku umek dhewe, ora jelas. Moro-moro,
"Oh iyo lali aku," omonge karo napuk bathuke dhewe.
Narti sing lagek ngemiki Ndemin 2 nang ngarep tipi nyawang bojone.
"Mak, anu...lha aku iki mau wes dikandani kon rapat kok lali."
"Rapat opo?" takone Narti.
"Yo rapat. Tak budal yo, paling mung sampek jam songoan..."
Narti meneng mung lambene rada maju, mecucu.
"Atu melu rapat pak," omonge Ndemin 1.
"Yo gak oleh. Ki wong gedhe thok. Arek cilik yahmene kudu turu cek sehat."
Masio rada ora penak karo bojo lan anake Paijo budal. Wis kadung janji, ora penak lek ora sido budal omonge nang bojone pas budal.
"Mak, eek," omonge Ndemin 1.
Narti ngadeg. Ndemin 2 nang gendongane wis teler, mendrip-mendrip garek mereme thok. Ndemin 1 mlayu nang mburi omah selak ora kuat ngempet.
"Mak, ndang nene!" bengoke Ndemin 1 saka WC.
"Sik, ngempakno lampu iki lho," saure Narti.
Mbuh jam piro bojone lek mulih. Pas nglilir jam sepuluhan Narti ora ndelok bojone. Isuk pas tangi bojone wis mlungker nang sandinge.
"Mak, gawekno montor-montoran," omonge Ndemin 1.
"Nggawe dewe, mak'e gak iso."
"Gak ico, gak ico masang rodone ki lho. Koyok pak'e kae lho, nene...nene trus nene..." omonge Ndemin 1 karo nirukno biasane bapake lek nggawekno dolanan.
"Yo ngko ae ngenteni pak'e."
"Pak'e nang ndi?" takone Ndemin 1.
"Mbuh," saure Narti ketok mangkel.
"Kok mbuh, pak'e kerjo no...golek duit. Trus lek bengi lapat, cek pintel!"
Narti ngaleh. Dijarno anake nomer siji iku umek karo dolanane. Kumbahane wis ngenteni, mumpung Ndemin 2 wis turu.
Dina Sabtu mari mbenakno mesin diesele tanggane sing rusak Paijo mulih sediluk trus budal maneh. Narti ndelok bojone mung meneng ae. Wis janji, ngko lak mulih dhewe, pikire.
"Yok opo Jo, masuk gak?" takone Bambang.
"Yo gak popo sih, penting kabeh setuju. Aku melok ae," saure Paijo.
"Iki wong wedok kok meneng ae, gak urun saran opo opo ngunu?" saiki Slamet sing ngomong.
"Yo lek kene ki manut pisan. Ngurus konsumsi ae, beres pokoke," saure Dewi.
Bengi iki Paijo rapat karo kanca-kancane sekolah biyen nang omahe Slamet. Rencanane kate gawe acara bareng, yo semacam nostalgia jaman sekolah. Kumpul-kumpul karo kanca lawas sing kate digawe rutin.
"Oleh nggowo anak kan? Ki mau anakku tak tinggal nang omah karo bapake," omonge Ana.
"Gak usah. Lek nggowo anak bojo lak podo ae, gak iso nostalgia, gak enak ngumpule. Ngko malah repot dewe-dewe karo anak bojone," saure Bambang sing durung duwe anak bojo.
"Lha lak sakno anakku, sik ngemik areke," saure Ana maneh.
"Iyo bener omonge Bambang, Na. Lek nggowo anak bojo mung pindah nggon thok ngko. Sediluk ae, koyok biasane jam pitu sampek jam songoan ngunu," saure Dewi.
"Jam pitu opo? Lha aku karo Paijo wis nang kene ket mari magrib mau," Deni sing mau meneng ae nyaut.
"Yo salahmu dewe lek iku, wong janjiane jam pitu kok," saure Dewi.
"Wes, rame ae ngko trus tukaran. Ayo mangan sik, ki wes dicepakno bojoku masio sak onoke," omonge Slamet.
"Gak kaet mau Met, wes yahmene kaet ditokno jajane," omonge Bambang.
Nang omah Ndemin 1 sing wis macak ganteng mecucu ae. Bapake ora teka-teka. Adike sing yo wis ganteng teklak-tekluk, ngantuk. Narti sing wis kesel nyauri Ndemin 1 sing nakokno bapake ae akhire salin, ganti daster.
"Gak cido mak?" takone Ndemin 1.
"Gak, sesuk ae. Wes bengi iki, adek wes ngantuk. Ayo turu ae."
"Emoh, aku gak ngantuk."
"Pak'e sik rapat, bengi ngko mulihe. Sesuk isuk ae, malah enak iso luwih suwi."
"Lek icuk opo onok pacal malem?"
"Yo pasar isuk, dodolane yo podo ae," saure Narti.
Masio wis diereh-ereh Ndemin 1 ora gelem turu. Arek cilik iku milih lungguh nang ngarep tipi karo nunggu bapake mulih. Bapake wis janji kate ngajak nang pasar malem, bengi iki. Jebule sing njanjeni lali amarga sibuk rapat.
"Mak," celuke Paijo alon.
Narti sing wis merem krungu diceluki bojone meneng ae, diterusno lek turu. Ora iso nangekno bojone, Paijo mbalik nang ngarep tipi. Ndemin 1 sing turu diangkat trus digawa mlebu kamar. Kesel ngenteni bapake arek cilik iku keturon ngganti topine ora dicopot, sik nyantol nang gundule.
Paijo sing ben dina mung kerjo karo ngewangi ngurus anak-anake, wingi-wingi kesenengen kumpul karo kanca-kancane. Wong lanang sing umure kaet ae nemlikur taun iku ngrasa semangat kaya jaman sik sekolah biyen. Ngobrol ngalor ngidul ora mikir angele golek duit. Guyonan karo main kertu, ngeling-eling jaman mbolos sekolah karo naksir-naksiran. Ora krasa sampek dibelani mbujuki anak bojone.
"Sepurane, pak'e lali," bisike Paijo karo ngambung pipine anake.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H