"Gak, sesuk ae. Wes bengi iki, adek wes ngantuk. Ayo turu ae."
"Emoh, aku gak ngantuk."
"Pak'e sik rapat, bengi ngko mulihe. Sesuk isuk ae, malah enak iso luwih suwi."
"Lek icuk opo onok pacal malem?"
"Yo pasar isuk, dodolane yo podo ae," saure Narti.
Masio wis diereh-ereh Ndemin 1 ora gelem turu. Arek cilik iku milih lungguh nang ngarep tipi karo nunggu bapake mulih. Bapake wis janji kate ngajak nang pasar malem, bengi iki. Jebule sing njanjeni lali amarga sibuk rapat.
"Mak," celuke Paijo alon.
Narti sing wis merem krungu diceluki bojone meneng ae, diterusno lek turu. Ora iso nangekno bojone, Paijo mbalik nang ngarep tipi. Ndemin 1 sing turu diangkat trus digawa mlebu kamar. Kesel ngenteni bapake arek cilik iku keturon ngganti topine ora dicopot, sik nyantol nang gundule.
Paijo sing ben dina mung kerjo karo ngewangi ngurus anak-anake, wingi-wingi kesenengen kumpul karo kanca-kancane. Wong lanang sing umure kaet ae nemlikur taun iku ngrasa semangat kaya jaman sik sekolah biyen. Ngobrol ngalor ngidul ora mikir angele golek duit. Guyonan karo main kertu, ngeling-eling jaman mbolos sekolah karo naksir-naksiran. Ora krasa sampek dibelani mbujuki anak bojone.
"Sepurane, pak'e lali," bisike Paijo karo ngambung pipine anake.
***