"Mamas cik, dek," omonge Ndemin 1 nang adike karo ngrujuk gundule adike.
Sing digrujuk glagepan ning terus ngguyu. Ngerti adike seneng dibaleni maneh karo Ndemin 1. Suwi-suwi Ndemin 2 ora kuat digrujuki karo mas'e, akhire arek iku nangis. Awake ndhredheg kademen. Krungu anake nangis, Narti mbalik maneh nang sumur karo ngomel-ngomel. Ndemin 2 dicandak, Ndemin 1 dipekso mentas.
Rada awan anak-anake wis ganteng kabeh, wis mangan. Ndemin 1 dolanan montor-montoran nang ngarep omah. Ndemin 2 turu. Narti nerusno lek ngramut omah. Paijo sing tas teka lungguh nang amben njero pawon. Mari nyruput wedang, wong lanang iku turu-turu.
"Lak reget ngunu iku klambimu, deloken ta!"
"Gak, gak popo."
"Gak popo yok opo, iku mbok usapno nang kaosmu ngunu kok ngomong gak popo. Mak'e sing kesel lek ngumbahi terus!"
Ndemin sing dolanan motor-motoran saka debog gedhang gluprut tlutuh. Ora golek gombal, tlutuhe diusap-usapno nang kaose. Krungu bojone bengok-bengok, Paijo tangi trus marani anak bojone nang ngarep omah. Ndemin 1 mecucu diomeli mak'e. Narti mecucu karo ngomeli anake.
"Mangan sik mak," omonge nang bojone.
"Mangan, omahe ae sik gurung beres kok. Malah ditambah-tambahi maneh," saure karo sik mecucu.
"Lha timbang stroke ngko. Mangan sik lak enak, ayo."
Paijo nyandak Ndemin 1, digendong. Masio mangkel Narti melu bojone mlebu pawon. Karo mecucu wong wedok iku mangan, sarapan.